Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 13:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. “Lah iku kabeh wus dakdeleng kalawan mripatku,dakrungu kalawan kupingku lan dakmangreteni.

2. Apa kang padha koksumurupi, iku iya daksumurupi,aku ora kalah karo kowe.

3. Nanging aku arep munjuk marang Kang Mahakuwasa,aku kapengin mbelani prakaraku ana ing ngarsaning Allah.

4. Dene kowe kabeh iku wong kang padha nutupi gorohmu,sarta padha dadi dhukun kang palsu.

5. Saupama kowe padha meneng babar pisan,iku malah dadi kawicaksananmu.

6. Rungokna ta wangsulankulan gatekna panjawabing lambeku!

7. Apa kowe gelem goroh kagem Gusti Allah,apa kowe gelem ngapusi kagem Panjenengane?

8. Apa kowe gelem mbelani Gusti Allahsarta bebantahan kanggo mbelani Panjenengane?

9. Apa prayoga, manawa Panjenengane niti-priksa marang kowe?Apa kowe bisa ngapusi Panjenengane kaya ngapusi marang wong?

10. Kowe bakal padha kaukum kalawan kerasmanawa kowe mbelani kalawan ora ngeblak.

11. Apa kamulyane Gusti Allah iku ora bakal ngagetake kowe,sarta apa kowe ora bakal ketiban ing pagirise?

12. Pepeling-pepelingmu iku wulang bebasan lebulan tamengmu iku tameng lempung.

13. Padha menenga! Aku arep calathu,nadyan apa bae kang bakal tumempuh marang aku, daksanggane!

14. Dagingku arep dakjupuk kalawan untuku,lan nyawaku arep daksangga ing tanganku.

maca bab lengkap Ayub 13