Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 11:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah,apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?

8. Iki dhuwure padha karo langit; -- kowe bisa nindakake apa?Jerone ngluwihi teleng palimengan: -- kowe mangreti apa?

9. Dawane ngluwihi ukuraning bumi,jembare ngungkuli samodra.

10. Manawa Panjenengane langkung, nuli nangkeplan ngadili, sapa kang bisa mambengi?

11. Amarga Panjenengane nguningani si juru apussarta mirsa piala tanpa ningali.

12. Manawa wong bodho bisa mangreti,beloning kuldi alas iya bisa lair dadi manungsa.

13. Manawa atimu kokcawisake,nuli ngegarake tanganmu marang Panjenengane,

14. sarta piala kang ana ing tanganmu iku kokedohake,tuwin kowe ora aweh duraka manggon ana ing tarubmu,

15. kowe mesthi banjur bisa ndengengek kalawan tanpa cacad,temah santosa lan ora bakal wedi,

16. kowe malah banjur lali marang kasusahanmu,iku mung kokelingi kaya banyu kang wus kepungkur miline.

17. Uripmu padhange bakal ngungkuli wayah tengange,pepeteng bakal dadi padhang kaya esuk.

18. Kowe bakal rumangsa tentrem, awit ana pangarep-arep;sawuse mulat ngiwa nengen banjur bakal turu kepenak;

19. anggonmu nglegeyeh ora bakal ana kang ngreridhu,lan akeh wong kang padha ngempek-empek marang kowe.

maca bab lengkap Ayub 11