Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 11:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Zofar wong Naama banjur mangsuli calathune:

2. “Wong kakehan rembug iku apa ora kudu diwangsuli?Apa wong kang juweh iku kudu dianggep bener?

3. Apa wong kudu meneng bae krungu ocehmu iku?Tuwin manawa kowe ngala-ala iku apa ora ana kang melehake?

4. Kowe munjuk: Piwulang kawula punika murni,saha kawula resik wonten ing paningal Paduka.

5. Nanging muga-muga Gusti Allah piyambak karsa ndhawuhake pangandika,sarta mbikak lathine tumrap kowe,

6. lan paring sumurup marang kowe bab wewadining kawicaksanan,awit iku isine aneh.Kowe nuli bakal sumurup,yen Gusti Allah ora ngetang kaluputanmu saperangan.

7. Apa kowe bisa njajagi wewadosing Allah,apa bisa nyumurupi wates-watese pangwaose Kang Mahakuwasa?

8. Iki dhuwure padha karo langit; -- kowe bisa nindakake apa?Jerone ngluwihi teleng palimengan: -- kowe mangreti apa?

9. Dawane ngluwihi ukuraning bumi,jembare ngungkuli samodra.

10. Manawa Panjenengane langkung, nuli nangkeplan ngadili, sapa kang bisa mambengi?

maca bab lengkap Ayub 11