Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 10:9-22 Kitab Sutji (JAV)

9. Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih Paduka ingkang karya kawula saking lempung,kok badhe Paduka dadosaken lebu malih!

10. Punapa sanes Paduka ingkang ngecuraken kawula kados susu,kok lajeng badhe Paduka jendhelaken dados keju?

11. Paduka praboti kulit kaliyan daging,Paduka enami balung tuwin otot.

12. Paduka paringi gesang saha sih-rahmat;nyawa kawula Paduka jagi lumantar pangreksa Paduka.

13. Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih;kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.

14. Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani,saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.

15. Manawi kawula duraka, bilai kawula;manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak,amargi anggen kawula tuwuk kawirangan,sarta nyumerepi kasangsaran kawula.

16. Manawi kawula ndengengek,Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singasarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.

17. Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula,-- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula --Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.

18. Punapa sababipun dene Paduka ngedalaken kawula saking guwa-garba?Langkung sae manawi kawula pejah, saderengipun kawula kasumerepan ing tiyang,

19. kados-kados kawula boten nate wonten,saking guwa-garbaning biyung lajeng kemawon kabekta dhateng ing pakuburan.

20. Punapa dinten-dintening umur kawula boten namung sakedhik?Paduka mugi karsaa ngendelaken kawula, supados kawula saged bingah sawatawis,

21. saderengipun kawula kesah lan boten mawi wangsul malihdhateng nagari ingkang peteng lelimengan,

22. dhateng nagari ingkang peteng ndhedhet,panggenan ingkang peteng sanget saha worsuh,ingkang cahyaning pepadhangipun sami kaliyan pepeteng.”

maca bab lengkap Ayub 10