Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 10:4-17 Kitab Sutji (JAV)

4. Punapa Paduka kagungan paningal wadhag?Anggen Paduka mirsani samukawis punapa inggih kados patrapipun manungsa anggenipun ningali?

5. Yuswa Paduka punapa memper kados umuripun manungsa,petangan taun Paduka punapa inggih kados umuripun tiyang jaler,

6. dene Paduka kok karsa madosi kalepatan kawula,saha nlusur dosa kawula,

7. mangka paduka mirsa, bilih kawula sanes tiyang duraka,saha bilih boten wonten tiyang ingkang saged oncat saking asta Paduka?

8. Asta Paduka ingkang mangun saha ngwujudaken kawula,nanging Paduka kok lajeng boten karsa mirsani kawula sarta badhe nyirnakaken kawula?

9. Paduka mugi karsaa ngengeti, bilih Paduka ingkang karya kawula saking lempung,kok badhe Paduka dadosaken lebu malih!

10. Punapa sanes Paduka ingkang ngecuraken kawula kados susu,kok lajeng badhe Paduka jendhelaken dados keju?

11. Paduka praboti kulit kaliyan daging,Paduka enami balung tuwin otot.

12. Paduka paringi gesang saha sih-rahmat;nyawa kawula Paduka jagi lumantar pangreksa Paduka.

13. Nanging kawontenan igkang makaten punika kok Paduka sengker ing salebeting panggalih;kawula sumerep, bilih punika pancen sampun dados karsa Paduka.

14. Saupami kawula damel dosa, Paduka temtu badhe nguningani,saha kawula boten badhe Paduka galih tanpa kalepatan.

15. Manawi kawula duraka, bilai kawula;manawi kawula leres inggih boten saged langak-langak,amargi anggen kawula tuwuk kawirangan,sarta nyumerepi kasangsaran kawula.

16. Manawi kawula ndengengek,Paduka temtu lajeng mbujeng kawula kadosdene singasarta ngatingalaken panguwaos Paduka ingkang nggumunaken punika dhumateng kawula malih.

17. Paduka badhe ngajengaken seksi-seksi enggal ingkang nglawan kawula,-- Paduka ngagengaken bebendu Paduka dhumateng kawula --Paduka badhe ngangsahaken pasukan-pasukan enggal, malah balatantra dhumateng kawula.

maca bab lengkap Ayub 10