Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 1:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.

7. Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”

8. Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”

9. Unjuk wangsulane Iblis marang Pangeran Yehuwah: “Punapa tanpa pituwas Ayub anggenipun ngabekti dhumateng Gusti Allah?

10. Piyambakipun tuwin griya dalasan sadaya barang darbekipun, punapa boten Paduka pageri kemput? Punapa ingkang katindakaken sampun Paduka berkahi saha barang darbekipun saya wewah wonten ing nagari ngriku.

11. Nanging saupami Paduka ngagagaken asta nempuh dhateng sadaya barang darbekipun, temtu badhe nyupaosi Paduka wonten ing ngarsa Paduka.”

12. Dhawuhe Sang Yehuwah marang Iblis: “Lah apa sadarbeke wus ana ing tanganira, mung bae aja nggepok marang awake!” Iblis banjur mundur saka ing ngarsane Sang Yehuwah.

13. Kacarita nuju ing sawijining dina, nalika anake Ayub lanang lan wadon padha mangan lan ngombe anggur ana ing omahe kang pambarep,

14. nuli ana kongkonan kan teka ing ngarepe Ayub sarta nggawa pawarta mangkene: “Kala wau nalika lembu saweg kadamel mluku, sarta kuldi-kuldi estri sami nyenggut ing sakiwa tengenipun,

15. lajeng wonten tiyang Syeba dhateng sami nempuh, lembu kaliyan kuldi sami karebat saha para rencang sami dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

maca bab lengkap Ayub 1