Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 1:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Anake kang lanang iku saben-saben padha nganakake pista giliran ana ing omahe dhewe-dhewe, dene sadulure wadon telu-telune padha diundang diajak mangan lan ngombe bebarengan.

5. Anadene saben dinaning pista wus kapungkur, Ayub banjur nglumpukake anak-anake prelu padha disucekake; esuke, isih umun-umun, Ayub wus tangi, banjur nyaosake kurban obaran, cacahe miturut sapira kehing anake iku, awit ujare mangkene: “Bokmanawa anakku padha kena ing dosa lan nyupatani Gusti Allah ing sajroning atine.” Kaya mangkono iku ajeg katindakake dening Ayub.

6. Nuju ing sawijining dina para putraning Allah padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah; nuli Iblis iya seba bebarengan.

7. Ing kono Sang Yehuwah ngandika marang Iblis: “Sira saka ing ngendi?” Unjuk wangsulane Iblis marang Sang Yehuwah: “Saweg saking mider ndlajahi bumi.”

8. Pangeran Yehuwah banjur ndangu marang Iblis: “Apa sira nggatekake abdiningSun Ayub? Awitdene ig salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala.”

maca bab lengkap Ayub 1