Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ayub 1:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. lajeng wonten tiyang Syeba dhateng sami nempuh, lembu kaliyan kuldi sami karebat saha para rencang sami dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

16. Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh sarta matur: “Latunipun Gusti Allah dhawah saking langit lajeng nyamber dhateng menda dalah rencang-rencang, sadaya telas sami kamangsa ing latu, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

17. Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Tiyang Kasdim sami dhateng, wonten tigang bregada, lajeng nempuh dhateng unta sami karebat, saha rencang-rencang dipun pejahi kaliyan landheping pedhang, namung kula piyambak ingkang saged oncat, ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

18. Sajrone wong iku isih matur, ana wong teka maneh lan matur: “Putra panjenengan jaler estri saweg sami dhaharan saha ngunjuk wonten ing griyaning sadherekipun pambajeng,

19. dumadakan wonten angin prahara dhateng saking pasamunan ingkang lajeng nempuh griya wau ing pojok-pojokipun sekawan; griyanipun rebah njugrugi para tiyang anem wau, temah sami pejah sadaya, namung kula piyambak ingkang saged oncat ngaturi uninga dhumateng panjenengan.”

20. Ing kono Ayub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, cukur rambut sarta sumungkem sujud ing bumi,

21. pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”

22. Sajrone iku mau kabeh Ayub ora nganti gawe dosa, sarta ora nacad pisan-pisan marang Gusti Allah.

maca bab lengkap Ayub 1