Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 9:13-15 Kitab Sutji (JAV)

13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,wong mluku bakal ana ing burine wong ani-ani,wong kang mipit woh anggur lan kang nyebar wiji;gunung-gunung padha netesake anggur anyar,sarta tengger-tengger bakal kabanjiran.

14. UmatingSun Israel bakal Sunpulihake maneh,nuli padha mbangun maneh kutha-kuthane kang wus gempur sarta banjur dienggoni;bakal padha nanduri pakebonane anggur,sarta bakal ngombe anggure,lan bakal padha gawe kebon woh-wohan lan mangan wohe.

15. Tumuli padha Suntanem ana ing tanahe dhewe,lan mesthi ora dijabut maneh saka ing tanah kang wus Sunparingake,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Allahira.

maca bab lengkap Amos 9