Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 9:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika:“Pucuking saka iku gandhenen kang serusupaya undhak-undhakane horeg,padha jugrugna marang sirahe wong akeh,lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang,bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia,lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.

2. Sanadyan padha nembus tekan ing jagading wong mati,astaningSun mesthi mundhut wong-wong iku saka ing kono;utawa saupama munggaha menyang ing langit,iya bakal Sunandhapake saka ing kono.

3. Sanadyan padha umpetan ana ing pucake gunung Karmel,mesthi bakal Sunlari lan Sunglandhang saka ing kono;utawa sanadyan arep nilapake tingalingSun lan ndhelik ana ing dhasaring sagara,Ingsun bakal dhawuh marang ula supaya nyakot wong-wong iku ana ing kono.

4. Sanadyan padha lumaku ana ing ngarepe mungsuhe minangka tawanan,Ingsun bakal utusan pedhang supaya mateni wong-wong iku ana ing kono.Ingsun bakal ngarahake tingalingSun marang wong-wong ikusupaya padha cilaka, ora supaya padha slamet.”

5. Gusti Allahing sarwa dumadikang ndumuk marang bumi, temah gonjing,lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah,sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil,banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir;

6. kang yasa gedhong ana ing langit,sarta nelesi plengkunge ana ing bumi,kang nimbali banyu sagara,banjur diesokake ing salumahe bumi,Pangeran Yehuwah iku asmane.

7. “He wong Israel. Sira iku tumrap Ingsun rak padha bae kaya wong Etiopia?”-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.“Israel rak wus Sunhiridmetu saka ing tanah Mesir,wong Filisti saka ing Kaftor,lan wong Aram saka ing Kir?

8. Lah, Sang Yehuwah Allah wus nitipriksakarajan kang nindakake dosa iku.Iku bakal Suntumpes temah sirna saka ing lumahe bumi;nanging turune Yakub iku bakal ora Suntumpes nganti tapis,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --.

9. “Sabab lah, Ingsun bakal paring dhawuh,banjur turune Israel iku Sunoyog-oyog ana ing antarane para umat,patrape kaya wong kang lagi ngayaki,mangka krikil cilik siji bae ora ana kang tiba ing lemah.

10. Bakal padha mati dening pedhangsakehe wong dosa panunggalane umatingSunkang padha ngucap: Aku bakal ora kecandhakutawa kagepok ing bilai.”

11. “Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake manehgubuge Dawud kang wus rubuh;lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali,sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh;bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;

maca bab lengkap Amos 9