Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 8:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub:“Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene!

8. Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku,nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah?Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil,lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”

9. “Ing dina iku bakal kelakon,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --“srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan,sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina.

10. Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan,lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh,sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor,apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul,iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting,lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah:“Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene,dudu pailan pangan utawa kasatan banyu,nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Amos 8