Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 8 Kitab Sutji (JAV)

Wahyu kang kaping pat: Kranjang isi woh-wohan

8:1-3

1. Pangeran Yehuwah paring tetingalan marang aku mangkene: Lah ana kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.

2. Panjenengane tumuli ngandika: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Kranjang isi woh-wohan undhuhan ing mangsa ketiga.” Ing kono pangandikane Sang Yehuwah:“Wus cedhak wekasane umatingSun Israel,Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.

3. Ing dina iku kekidungan ing padaleman suci bakal dadi pangadhuh,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.“Ing ngendi-endi ana jisim,kang kabuwang ing saenggon-enggon kanthi sidheman.”

Pepenget marang wong kang nindhes pepadhane

8:4-8

4. Rungokna iki, he, kowe kang padha nindhes marang wong miskinlan kang ngrusak wong mlarat ing nagara kene,

5. lan mikir: “Besuk apa enteke sasi anyar,supaya kita bisa adol gandum,sarta besuk apa rampunge dina Sabat,supaya kita bisa nawakake gandumkalawan nyuda takeran efa lan nggedhekake sekel,ngapusi kalawan timbangan palsu,

6. supaya kita bisa tuku wong sekeng srana dhuwit,lan wong miskin kalawan trumpah sapasang,sarta adol gandum rosokan?”

7. Sang Yehuwah wus supaos demi kamulyane Yakub:“Satemen-temene Ingsun ora bakal nyupekake ing sateruse marang sakehe panggawene!

8. Apa bumi ora bakal gumeter marga saka kang mangkono iku,nganti saben wong kang manggon ing kono ngrasakake susah?Apa iku kabeh ora bakal munggah kaya bengawan Nil,lan gonjang-ganjing banjur mendhak maneh kayadene bengawan ing tanah Mesir?”

Grahana srengenge lan pangadhuh

8:9-10

9. “Ing dina iku bakal kelakon,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --“srengenge bakal Sundadekake angslup ing wayah awan,sarta bumi Sundamel peteng ing wayah raina.

10. Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan,lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh,sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor,apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul,iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting,lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”

Keluwen lan kasatan

8:11-14

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah:“Lah bakal tumeka ing titi-mangsane,”-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah --Ingsun bakal ndhatengake pailan ana ing nagara kene,dudu pailan pangan utawa kasatan banyu,nanging ngorong marang pangandikane Pangeran Yehuwah.

12. Wong-wong bakal padha nglembara saka ing sagara kang siji menyang ing sagara sijine,sarta nglambrang saka ing lor menyang ing wetan,arep ngupaya pangandikane Sang Yehuwah,nanging ora oleh.

13. Ing dina iku prawan-prawan kang ayulan jaka-jaka kang gagah padha ambruk dening kasatan;

14. yaiku kang padha sumpah demi Asima, dewi ing Samaria,lan kang ngucap: Demi allahmu kang gesang, he Dhan,sarta: Demi dewa kekasihira kang urip, he Bersyeba,iku bakal padha ambruk lan ora bakal ngadeg maneh.”