Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 7 Kitab Sutji (JAV)

Wahyu kapisan: Walang

7:1-3

1. Iki tetingalan kang diparingake dening Pangeran Yehuwah marang aku: Lah Panjenengane nganakake krompolan walang, ing mangsane suket akhir wiwit thukul, yaiku suket akhir sawuse kaerit kagem Sang Prabu.

2. Nalika walang mau wiwit ngentekake thethukulan ing bumi, nuli unjukku:“Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa paring pangapunten!Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun?Piyambakipun rak alit, ta?”

3. Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung ing bab iku,pangandikane: “Iku bakal ora kelakon.”

Wahyu kang kapindho: Geni

7:4-6

4. Pangeran Yehuwah tumuli paring tetingalan marang aku kaya mangkene: Pangeran Yehuwah nimbali geni minangka paukuman, geni mau banjur mangsa samodra agung lan pategalan nganti entek.

5. Aku nuli munjuk:“Dhuh Pangeran Yehuwah, mugi Paduka karsaa kendel!Kadospundi Yakub anggenipun saged lestantun?Piyambakipun punika rak alit, ta?”

6. Ing kono Sang Yehuwah banjur apiduwung,pangandikane: “Iku uga ora bakal kelakon.”

Wahyu kang kaping telu: Tali sipat gantung

7:7-9

7. Iki tetingalan kang diparingake marang aku: Pangeran jumeneng ing sacedhaking tembok kang jeleg, lan ngasta sipat gantung.

8. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He Amos, sira ndeleng apa?” Unjukku: “Tangsul sipat gantung!” Pangandikane Pangeran:“Lah umatingSun Israel bakal Sunetrapi sipat gantung ana ing tengahe.Ingsun ora bakal maringi pangapura maneh.

9. Tengger-tengger pangurbanane Iskak bakal kadadekake ludhes,lan papan-papan sucine Israel bakal karusak,sarta Ingsun bakal nglawan marang turune Yerobeam kalawan pedhang.”

Amos katundhung

7:10-17

10. Nalika iku Imam Amazia, imam ing Betel kongkonan wong seba ing ngarsane Sang Prabu Yerobeam, raja ing Israel, dikon matur: “Amos sampun damel sakuthon badhe mbalela dhateng panjenengan dalem wonten ing tengahipun Israel, nagari punika boten badhe saged tahan dhateng tembung-tembungipun Amos punika.

11. Awit pangucapipun Amos makaten:Sang Prabu Yerobeam bakal seda kapupu ing pedhang,lan Israel mesthi lunga saka ing tanahe,dadi wong buwangan.”

12. Imam Amazia mau banjur tutur marang Nabi Amos: “Wong sidik, lungaa, ngungsia menyang ing tanah Yehuda! Goleka pangan mrana lan medhara wangsit ana ing kana bae.

13. Nanging ana ing Betel kene kowe aja medhar wangsit maneh, awit kene iki pepundhene Sang Prabu, sarta pasucene nagara.”

14. Nabi Amos tumuli mangsuli marang Imam Amazia: “Aku iki dudu panunggalane para nabi, lan iya ora klebu golongane nabi, panggaotanku kang baku ngingu wedhus lan ngundhuhi woh sikmah.

15. Nanging Gusti nimbali aku saka ing panggaotanku angon wedhus, lan dipangandikani mangkene: Sira lungaa, medhara wangsit marang umatingSun Israel.

16. Anadene saiki kowe ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah!Pangucapmu: Kowe aja medhar wangsit nglawan Israel,lan aja ngucapake tetembungan nglawan marang turune Iskak.

17. Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene:Somahira bakal dadi wanita tunasusila ana ing kutha,lan anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha mati dening pedhang;tanahmu bakal kaedum-edum srana tali ukuran,sarta sira dhewe bakal mati ana ing tanah kang najis,tuwin Israel mesthi bakal kalungakake saka ing tanahe lan dadi wong buwangan.”