Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 6:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyanging pambuwangan lan dadi pucuking barisan,temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.”

8. Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --:“Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub,lan sengit marang kadhatone;nagara saisine bakal Sunulungake.”

9. Ing kono saupama ing omah siji isih ana wonge kang kari sepuluh, iku bakal padha mati kabeh.

10. Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga!” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah.

11. Marga lah Sang Yehuwah wus dhawuh,omah kang gedhe bakal dirubuhake dadi jugrugan,lan omah kang cilik bakal dadi bobrok.

12. Jaran apa padha lumayu ana ing gunung parang,sarta sagara apa diwluku kalawan sapi?Lah sira wus ngowahi kaadilan dadi wisa,lan kabeneran dadi brutawali?

13. He sira, kang padha bungah-bungah marga saka Lodhabar,sarta kang padha ngucap: “Apa dudu kita kang ngrebut Karnaim kalawan karosan kita?”

14. “Sabab lah Ingsun bakal ngedegake sawijining bangsa,kang bakal nglawan marang sira, he turune Israel,”-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahing sarwa dumadi --“sarta sira bakal ditindheswiwit saka dalan kang ngener ing Hamatnganti tekan ing kali kang ana ing Araba.”

maca bab lengkap Amos 6