Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 6:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. “Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion,lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria;iya para panggedhene bangsa kang utama,kang disebani dening turune Israel.

2. Padha menyanga ing Kalne lan nitipriksaa,saka kono menyanga ing Hamat nagara kang gedhe iku,banjur menyanga ing Gat, nagarane wong Filisti,apa iku padha ngluwihi becike karajan-karajan iki,utawa tlatahe apa luwih jembar tinimbang tlatahira?

3. He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai,nanging nyedhakake paprentahan panganiaya;

4. kang klemahan ana ing paturon gadhing,lan nglegeyeh ana ing amben,sarta mangan cempening pepanthan,apadene pedhet saka ing satengahe pepanthaning kewan lemon,

5. kang padha menyanyi manut unining clempung,sarta nganggit kekidungan kaya Dawud;

6. kang ngombe anggur ing bokor,lan njebadi awak kalawan lenga kang adi dhewe,nanging ora mreduli bab rusaking bani Yusuf.

7. Mulane saiki, wong-wong iku bakal padha budhal menyanging pambuwangan lan dadi pucuking barisan,temah sirep ramening pistane kang padha leyeh-leyeh.”

8. Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah --:“Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub,lan sengit marang kadhatone;nagara saisine bakal Sunulungake.”

maca bab lengkap Amos 6