Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 5 Kitab Sutji (JAV)

Pangadhuh ing ngatase Israel

5:1-3

1. Padha rungokna tembung kang dakucapake ing ngatase kowe kabeh iki minangka kidung pangadhuh, he, turune Israel:

2. “Putri ing Israel wus padha tiba,lan bakal ora ngadeg maneh,ambruk ing bumine,ora ana kang nangekake.”

3. Awitdene mangkene pangandikane Gusti Allah marang turune Israel:“Kutha kang nglurug perang nggawa bala sewu,bakal kari satus,lan kang nglurug perang nggawa bala satus,bakal kari sepuluh.”

Dalan kang anjog ing urip

5:4-6

4. Awit mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang turune Israel:“Sira padha ngupaya Ingsun, temah bakal urip!

5. Aja ngupaya marang Betel,lan aja menyang ing Gilgal,sarta iya aja lumaku menyang Bersyeba,awit Gilgal mesthi bakal lumebu ing pambuwangan,sarta Betel bakal sirna.”

6. Padha ngupayaa Pangeran Yehuwah, temah bakal urip,supaya Panjenengane aja nganti ngrawuhi turune Yusuf kaya geni,kang bakal mangsa nganti entek,Betel ora ana kang nyirepake genine.

Nglawan pangroda-peksa marang kaadilan

5:7-13

7. He, para kang ngowahi kaadilan dadi butrawali,sarta kang mbanting kabeneran ing bumi!

8. Panjenengane kang wus nitahake lintang Wuluh lan lintang Waluku,kang ndadekake pepeteng dadi bangun esuk,sarta kang ndadekake awan dadi peteng kaya bengi;Panjenengane kang nimbali banyu sagara,lan ngesokake iku marang ing lumahing bumi,iku asmane kasebut Pangeran Yehuwah.

9. Panjenengane ndhawahake karusakan marang kang santosa,temah papan kang mawa baluwarti iya kelakon gempur.

10. Wong iku padha sengit marang sapa bae kang melehake ana ing gapurane kutha,lan enek marang kang ngucapake tembung-tembung kalawan eklas.

11. Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes,sarta gandume kokpajegi,mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan,nanging iku bakal ora sira enggoni;sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah,nanging sira ora bakal ngombe anggure.

12. Awitdene Ingsun mirsa yen akeh durakaniralan akeh cacahe dosanira,heh kowe kang padha gawe sumpeking atine wong mursid,sarta kang padha nampani besel,lan kang ngiwakake wong miskin ana ing gapura.

13. Mulane ing mangsa iku,sapa kang duwe budi bakal meneng bae,marga wektu iku wektu kang ala.

Urip lan mati

5:14-17

14. Padha ngupayaa kang becik aja kang ala,supaya kowe urip;karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi bakal nunggil kalawan sira,kaya kang dadi ujarmu.

15. Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan,njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha,bokmanawa Pangeran Yehuwah,Gusti Allahe kang sarwa tumitahbakal karsa paring kawelasanmarang kekarene turune Yusuf.

16. Lah Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi,iya Gustiku, ngandika mangkene:“Pangadhuh bakal keprungu ana ing sakehing ara-ara;lan ing sakehe lelurung wong bakal ngadhuh-adhuh: Adhuh lae, adhuh lae!Wong tani diundang supaya ngadhuh-adhuh,samono uga wong kang pinter nangis,supaya nganakake patangisan.

17. Lan ing kebon-kebon anggur bakal ana pangadhuh,samangsa Ingsun lumampah ana ing tengahira,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Dinane Pangeran Yehuwah

5:18-20

18. Bilai wong kang padha ngarep-arep marang dinane Sang Yehuwah!Apa gunane dinane Sang Yehuwah iku tumrap sira?Dina iku pepeteng, dudu pepadhang!

19. Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa,dumadakan kepethuk karo bruwang,sarta bareng tekan ing omahe,lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake,banjur kacakot ula.

20. Dinane Sang Yehuwah iku rak pepeteng, dudu pepadhang,rak peteng limengan tanpa cahya?

Pangibadahe Israel kasengitan dening Pangeran Yehuwah

5:21-27

21. “Riyayanira Sunsengiti, iya Sunremehake.Ingsun ora rena marang pasamuwanira gedhe.

22. Sanyata, samangsa sira nyaosake marang Ingsun kurbanira obaran,lan kurbanira dhaharan,iku ora ndadekake kaparenge galihingSun,sarta kurbanira slametan kang arupa pedhet lemon,iku ora Sunpirsani.

23. Sesindhenanira kang rame iku edohna saka ing ngarsaningSun,sarta swaraning clempungira Ingsun ora karsa midhangetake.

24. Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu,lan kabeneran kaya kali kang tansah mili.”

25. “He, turune Israel. Ana ing pasamunan patang puluh taun lawase iku apa sira nyaosi kurban sembelehan lan kurban dhaharan marang Ingsun?

26. Malah sira padha ngusung Sakut, rajanira, lan Kewan, dewanira lintang, reca-recanira kang sira gawe.

27. Mulane sira bakal Sunbucal adoh ngliwati tlatah Damsyik,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang asmane kasebut Gusti Allahe kang sarwa tumitah.