Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 4:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Apadene ngobonga kurban pamuji kalawan roti kang mawa ragi,lan ngundhangna kurban-kurban manasuka;wartakna iku!Awit kang mangkono iku rak wus dadi kasenenganira, ta, he wong Israel?”,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

6. “Sanadyan Ingsun wus ngganjar marang sirauntu kang ora kecak pangan ing kuthanira kabeh,lan kekurangan roti ana ing sakehe papan panggonanira,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

7. “Lan Ingsun wus ngendheg udan marang sira,telung sasi sadurunge mangsa panen;sarta paring udan ana ing salah sijining kutha,lan kutha sijine ora Sunparingi udan,pategalan kang siji kodanan,tuwin pategalan kang ora kodanan dadi garing.

8. Wong saisine kutha loro telu padha keraya-raya lunga menyang sawijining kutha,arep ngombe banyu, nanging ora bisa marem,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9. “Ingsun wus nggebag sira kalawan ama gosong lan ama lodhoh,patamanan lan pakebonanira anggur wus Sundadekake alum,apadene witira anjir lan witira jaitun padha kamangsa ing walang nganti entek,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

10. “Ingsun wus ngintunake pageblug ana ing tengahira,kayadene marang wong Mesir;jakanira padha Sunpateni kalawan pedhang,nalika jaranira padha karayah.Palerebanira wus Sundamel mambu banger,Suntamakake ing irungira,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

11. “Kutha-kuthanira wus padha Sundadekake bosah-basih,kaya anggone Gusti Allah nggempur Sodom lan Gomora,temah sira prasasat kaya tegesan kang kaentas saka ing geni,ewasamono sira padha ora mratobat marang Ingsun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

12. “Kang iku, he Israel, sira bakal padha Sunpatrapi kang kaya mangkono iku.Sarehne Ingsun bakal nandukake kang mangkono ikumarang sira,mulane, he Israel, sira padha tata-tataa bakal sowan marang Allahira!”

13. Satemene Panjenengane kang yasa gunung-gunung lan nitahake angin,sarta nyumurupake marang manungsa apa kang digalih,kang yasa padhang lan peteng,sarta kang tindak ana ing sadhuwure tengger-tengger,iku Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi asmane.

maca bab lengkap Amos 4