Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 3:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. “Wong-wong iku padha ora sumurup marang tindak kang jujur,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,“yaiku wong kang padha nandho panindhes lan panganiaya ana ing kadhatone.”

11. Kang iku pangandikane Pangeran Yehuwah Allah mangkene:“Mungsuh bakal ngepung nagaranira,lan bakal ngilangake kasantosanira,sarta kadhatonira bakal dijarah-rayah!”

12. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Kayadene pangon kang ngrebutsikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa,kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake,kaya saperanganing dipan,lan kaya saperanganing sikile paturon.”

13. Pangandikane Pangeran Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah:“Padha ngrungokna, lan turune Yakub padha elingna.”

14. “Ing dina anggoningSun ngukum Israel,marga saka panggawe-panggawene kang ala,Ingsun iya bakal ndhawahake paukuman marang misbyah-misbyahe Betel,temah sungune misbyah iku padha ditugelilan padha tiba ing lemah.

15. Omah kang dienggoni ing mangsa atis bakal Sungempurbareng karo omah kang dienggoni ing mangsa panas,omah-omah gadhing padha remuk,apadene omah gedhe padha sirna,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Amos 3