Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 2:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. Ingsun wus ngadegake panunggalane anak-anakira dadi nabi,sarta sabageane nom-nomanira dadi nazir;apa ora nyata mangkono, he Israel?”,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

12. “Nanging para wong nazir padha sira purih ngombe anggur,sarta para nabi padha sira celathoni:Aja medhar wangsit!

13. Lah bumi kang sira enciki bakal Sunhoregake,kaya gumeroting kreta kang kabotan momotan.

14. Wong kang banter playune iya meksa ora bisa lumayu maneh,lan wong rosa ora bisa migunakake kekuwatane,lan wong prawira ora bisa ngoncati.

15. Wong kang nyekel panah ora bisa tahan,wong kang cukat tandange ora bisa oncat,lan wong nunggang jaran iya ora bisa ngluwari awake dhewe.

16. Sanadyan wong kalebu kendel ing antarane para prawira,iya bakal lumayu wuda ing dina iku,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Amos 2