Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 2:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Marga saka durakane Moab telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus ngobongi balunge raja-raja Edom dadi gamping,

2. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Moab,kang mangsa kadhaton Keriot nganti entek;sarta Moab bakal tumpes ing satengahe rerusuh,binarung ing surak ing nalika kalasangka kaunekake.

3. Ingsun bakal nyirnakake kang nyekel pangwasa ing satengahe,sarta sakehe panggedhene Sunpateni kabeh bareng karo wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

4. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Yehuda telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus padha nampik angger-anggering Yehuwah,lan ora netepi pranatane,nanging padha kasasarake dening dewa-dewane kang goroh,kang dienut dening para leluhure,

5. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Yehuda,kang mangsa kedhaton Yerusalem nganti entek.”

6. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Israel telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus padha ngedol wong mursid marga melik dhuwit,lan wong miskin diijolake trumpah sapasang.

7. Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu,sarta nasarake dalane wong sangsara;anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji,satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;

8. sandhangan kang digadhepadha digawe lemek turon sandhing saben misbyah,lan padha ngombe anggure wong kang padha kadhendhaana ing padalemaning Allahe.

maca bab lengkap Amos 2