Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 7:20-29 Kitab Sutji (JAV)

20. Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?

21. Margi saking pangandika Paduka saha miturut panggalih Paduka, Paduka sampun nindakaken sadaya prakawis ingkang ageng punika saha Paduka sumerepaken dhateng ingkang abdi punika.

22. Pramila Paduka punika agung, dhuh Pangeran Yehuwah awit boten wonten ingkang nyameni Paduka lan boten wonten Allah sanesipun malih kajawi Paduka miturut sadaya ingkang kawula pirengaken srana kuping kawula.

23. Lan pundi wonten bangsa ingkang kados umat Paduka Israel ing salumahing bumi, ingkang Gusti Allahipun tumindak ngluwari bangsa punika, kadadosaken umatipun, supados angsala asma kagem Panjenenganipun srana nindakaken pakaryan-pakaryan ingkang ageng lan nggegirisi kangge tiyang-tiyang punika, lan nundhungi para bangsa lan para allahipun saking ngajenging umatipun?

24. Paduka sampun ngangkat umat Israel dados umat Paduka kangge ing salaminipun saha Paduka dados Allahipun, dhuh Yehuwah.

25. Dene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi netepana prasetya ingkang Paduka ngandikakaken, kangge ing salaminipun tumrap ingkang abdi punika saha kulawarganipun, punapa dene mugi Paduka tindakaken kados ingkang Paduka prasetyakaken punika.

26. Asma Paduka lajeng badhe dados agung ing salami-laminipun, temah tiyang nyebut Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel; kulawarganipun ingkang abdi Dawud badhe lestantun santosa wonten ing ngarsa Paduka.

27. Awit Paduka, Gustining sarwa dumados, Gusti Allahipun Israel, sampun nglairaken dhateng ingkang abdi punika makaten: Ingsun bakal mbangun turun kanggo sira. Punika sebabipun ingkang abdi lajeng kumawantun ngunjukaken pandonga punika dhateng Paduka.

28. Margi saking punika, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah lan sadaya pangandika Paduka punika kayektosan. Paduka sampun njanjekaken prakawis ingkang sae punika dhateng ingkang abdi.

29. Pramila sapunika Paduka mugi karsaa mberkahi kulawarganipun ingkang abdi punika, supados lestantun wonten ing ngarsa Paduka ing salami-laminipun. Amargi, dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka piyambak ingkang ngandika saha margi saking berkah Paduka, kulawarganipun ingkang abdi binerkahan ing salami-laminipun.”

maca bab lengkap 2 Samuel 7