Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 6:15-23 Kitab Sutji (JAV)

15. Sang Prabu Dawud lan sakehe wong Israel ngusung pethine sang Yehuwah kambi surak-surak binarung swaraning kalasangka.

16. Nalika pethine Sang Yehuwah mlebu ing kuthane Sang Prabu Dawud, Sang Putri Mikhal putrane Sang Prabu Saul ngungak ing cendhela, mirsa yen Sang Prabu Dawud lincak-lincak lan beksa-beksa ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Mulane Sang Putri ing sajroning panggalih nyepelekake Sang Prabu Dawud.

17. Pethine Sang Yehuwah diusung mlebu banjur diprenahake ana ing panggonane, ing sajroning kemah kang wus dipasang dening Sang Prabu Dawud kanggo iku, lan sawuse iku nuli nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

18. Sawuse Sang Prabu Dawud nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan, bangsa iku banjur diberkahi atas asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi.

19. Tumuli wong sabangsa kabeh lan wong sagolongane Israel kabeh, lananga wadona, siji-sijine padha diedumi roti bunder siji, daging sairis, lan panganan kismis saemplek. Sabubare iku wong sabangsa kabeh padha mulih menyang ing omahe sowang-sowangan.

20. Nalika Sang Prabu Dawud kondur arep andum slamet marang saisining kraton, Sang Putri Mikhal, putrane Prabu Saul, methukake Sang Prabu karo matur: “Kadospundi dene ratunipun Israel ing dinten punika kok lukar wonten ing ngajengipun para parekan, boten kraos wirang kados dene tiyang rucah?”

21. Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Ana ing ngarsane Sang Yehuwah kang wis milih aku kanthi nisihake ramamu lan wong sabrayate kabeh, sarta banjur nuding aku kadadekake ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku Israel -- ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, aku mesthi jejogedan.

22. Malah aku nedya ngesorake sarira ngluwihi iki, kowe nganggep aku remeh, nanging bebarengan para parekan, kang kok sebut iku, aku arep kinurmatan.”

23. Sang Putri Mikhal ora kagungan putra, nganti tumeka ing sedane.

maca bab lengkap 2 Samuel 6