Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika kapiyarsa dening putrane Sang Prabu Saul, manawa Senapati Abner wis seda ana ing Hebron, larud kekendelane lan wong ing Israel padha kaget kabeh.

2. Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.

3. Wong Beerot wis padha ngungsi menyang ing Gitaim lan dadi wong neneka ana ing kana nganti saprene.

4. Pangeran Yonatan, putrane Prabu Saul kagungan putra kakung, kang cacat sampeyane. Yuswane lagi limang taun, nalika ana pawarta bab Prabu Saul lan Pangeran Yonatan saka Yizreel. Nalika samana dibopong kagawa mlayu inyane, nanging anggone mlayu kesusu putra mau tiba lan banjur dadi pincang, Asmane Mefiboset.

maca bab lengkap 2 Samuel 4