Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 3:28-39 Kitab Sutji (JAV)

28. Bareng prakara iku kapiyarsa dening Sang Prabu Dawud, panjenengane ngandika: “Ingsun lan kratoningsun ora kaluputan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti salawas-lawase mungguh getihe Abner bin Ner iku.

29. Kareben iku disangga dening Yoab dhewe lan sakehe kulawargane. Ing saturun-turune ora pegat-pegat anaa kang lara umbelen, lara lepra, kang mlaku nganggo jagul, kang mati dening pedhang, utawa kekurangan pangan.”

30. Mengkono anggone Senapati Yoab lan Sang Abisai sadhereke, nyedani Sang Abner, amarga Sang Abner nyedani Sang Asael sadhereke ana ing Gibeon, ana ing paprangan.

31. Sang Prabu Dawud ngandika marang Senapati Yoab lan marang para kawula kang ngadhep panjenengane: “Mara padha nyuweka panganggonira lan sabukana jarit kasusahan lan nangisa ana ing ngarepe layone Abner.” Sang Prabu Dawud piyambak uga tindak ana ing burine layon.

32. Nalika wong padha nyarekake Sang Senapati Abner ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud muwun kanthi swara dumeling ana ing pakuburane Sang Abner lan sakehing kawula iya padha nangis.

33. Marga saka Sang Abner iku Sang Prabu ngrepekake kidung panangis iki:“Genea Abner matine kaya wong rucah,

34. tanganira tan binanda lan sikilira ora karante,gugurira kaya wong kang tiwas dening durjana.”Lan para kawula kabeh saya banget anggone padha nangis marga saka panjenengane.

35. Sakehing wong padha sowan ngaturi dhahar marang Sang Prabu ing nalika wayah awan, nanging Sang Prabu supaos, pangandikane: “Muga Gusti Allah ndhawahna paukuman marang aku mengkene, malah ngluwihana saka iku, yen sadurunge srengenge surup aku ngantia ngrasakake roti utawa liyane.”

36. Nalika wong kabeh weruh prakara iku, nganggep bab iku prayoga kayadene anggone padha nganggep becik kabeh kang katindakake dening Sang Prabu.

37. Dadine para kawula kabeh, apadene sakehe wong Israel ing dina iku padha ngreti, yen anggone Senapati Abner sinedanan iku dudu karsane Sang Nata.

38. Sang Prabu nuli ngandika marang para punggawane: “Apa sira padha ora ngreti, yen ing dina iki ana panggedhe, wong agung ing Israel kang nemu tiwas?

39. Nanging ingsun iki saiki isih ringkih, sanadyan wis jinebadan dadi ratu, mangka wong-wong iku, anak-anake Zeruya, kerase padha ngluwihi ingsun. Muga Sang Yehuwah paring piwales marang wong kang nindakake piala cundhuk karo panggawene kang ala.”

maca bab lengkap 2 Samuel 3