Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 3:15-27 Kitab Sutji (JAV)

15. Sang Prabu Isyboset tumuli utusan mundhut putri iku saka ing omahe Paltiel, bin Lais.

16. Lan somahe ngiringake Sang Putri karo nangis nganti tekan ing Bahurim. Senapati Abner banjur nyentak marang dheweke: “Wis muliha!” Wong mau banjur mulih.

17. Ing wektu samono Senapati Abner rerembagan karo para tetuwane Israel, pangandikane: “Sampun sawatawis dangu panjenengan ngersakaken supados Sang Prabu Dawud jumeneng ratu ngerehaken panjenengan.

18. Sumangga sapunika panjenengan sami ngleksanana, amargi Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng Sang Prabu Dawud makaten: Lumantar abdiningSun Dawud Ingsun bakal ngluwari umatingSun Israel saka ing tangane wong Filisti lan saka ing tangane sakehe mungsuhe.”

19. Senapati Abner uga rembagan karo wong Benyamin; Sang Abner uga banjur tindak menyang Hebron, ngrembag karo Sang Prabu Dawud sakehing prakara kang wus kaanggep prayoga dening wong Israel lan sakehe turune Benyamin.

20. Bareng Senapati Abner seba menyang ing ngarsane Sang Prabu Dawud, kadherekake wong rong puluh, Sang Prabu Dawud banjur nganakake bujana kagem Senapati Abner sapandhereke.

21. Senapati Abner munjuk marang Sang Prabu Dawud: “Keparenga kawula ngempalaken sakathahing tiyang Israel kasowanaken wonten ing ngarsa dalem, supados sami damela prajanjian kaliyan gusti kawula, lan gusti lajeng jumenenga ratu mengku samudayanipun ingkang panjenengan dalem karsakaken.” Sang Prabu Dawud banjur nglilani Senapati Abner mundur lan tindak kanthi slamet.

22. Wadya-balane Sang Prabu Dawud lagi bae mulih saka anggone nglurug kairid dening Senapati Yoab lan nggawa barang rayahan akeh. Nanging Senapati Abner wus mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Dawud ing Hebron, amarga Senapati Abner wis diparengake lengser kanthi slamet.

23. Bareng Senapati Yoab wis kondur kadherekake wadya-balane, diaturi pirsa mengkene: “Lah Senapati Abner, bin Ner, sampun sowan dhateng ing ngarsanipun Sang Prabu Dawud, lan sampun dipun parengaken mundur kanthi wilujeng.”

24. Senapati Yoab tumuli sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud, ature: “Punapa ta ingkang panjenengan dalem tindakaken punika? Abner sampun sowan ing ngarsa dalem, kenging punapa panjenengan dalem parengaken mundur makaten kemawon?

25. Panjenengan dalem punapa boten uninga wewatekanipun Abner bin Ner punika? Dhatengipun rak badhe ngloropaken panjenengan dalem lan supados mangretos gelat-gelit dalem saha badhe nyumerepi sadaya, ingkang badhe panjenengan dalem tindakaken.”

26. Sawuse iku Senapati Yoab mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Dawud lan utusan wong nututi Sang Abner, banjur diirid bali saka ing sumur Sira ora kanthi kauningan dening Sang Prabu Dawud.

27. Nalika Senapati Abner bali menyang Hebron, Sang Yoab ngajak mire panjenengane sadhela menyang ing tengahing gapura, api-api ngajak rembugan panjenengane sesidheman, wasana disuduk padharane ana ing kono temah seda, males getihe Asael, rayine.

maca bab lengkap 2 Samuel 3