Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 24:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Dadine Sang Yehuwah banjur ndhawahake pageblug ana ing satengahe wong Israel wiwit ing wayah esuk nganti tekan ing wektu kang wus katemtokake; dene kang mati saka ing Dhan tumeka ing Bersyeba, wong pitung puluh ewu.

16. Nalika malaekat ngagagake astane marang Yerusalem arep ditumpes, Sang Yehuwah kaduwung galihe marga kasangsaran iku, banjur ngandika marang malaekat kang nekakake karusakan tumrap bangsa iku: “Wis cukup samene bae! Tanganira undurna!” Nalika iku malaekate Sang Yehuwah ana ing sacedhake panutone Arauna wong Yebus.

17. Lan Sang Prabu munjuk marang Sang Yehuwah, nalika mirsa malaekat kang lagi ngrusak umat iku, mangkene: “Kawula sampun saestu damel dosa lan kalepatan, nanging menda-menda punika nglampahi punapa? Mugi asta Paduka nempuh dhateng kawula saha kulawarga kawula.”

18. Ing dina iku uga Nabi Gad seba ing ngarsane Sang Prabu Dawud sarta munjuk marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem kawula aturi tindak yasa misbyah kagem Sang Yehuwah wonten ing panutonipun Arauna, tiyang ing Yebus.”

19. Sang Prabu Dawud banjur tindak miturut ature Nabi Gad, kaya dene kang kadhawuhake Sang Yehuwah.

20. Nalika Arauna ndengengek lan ndeleng Sang Prabu rawuh kadherekake para abdine, Arauna banjur methukake sarta sumungkem marang Sang Prabu klawan raine konjem ing bumi.

21. Unjuke Arauna marang Sang Prabu: “Punapa karsanipun gusti kawula Sang Prabu ngrawuhi ingkang abdi?” Paring wangsulane Sang Prabu Dawud: “Arep nuku panutonmu perlu kanggo yasa misbyahe Sang Yehuwah, supaya wewelak iki leren anggone nempuh rakyat.”

22. Arauna banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sumangga, gusti kawula Sang Prabu kawula aturi mundhut panuton kawula lan ngurbanaken punapa ingkang panjenengan dalem karsakaken; lah punika wonten lembu-lembu kadamela kurban obaran lan keseran-keseran panuton saha pasangan lembu punika kagema kangge kajeng bong.

23. Sadaya punika, dhuh Sang Prabu, kaaturaken Arauna dhumateng Sang Prabu.” Arauna uga munjuk marang Sang Prabu: “Mugi-mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem, karenan galihipun dhateng Sang Prabu.”

24. Nanging pangandikane Sang Prabu Dawud marang Arauna: “Ora mangkono, nanging ingsun arep mundhut saka sira sapira regane, amarga ingsun ora bisa nyaosake kurban obaran marang Sang Yehuwah, Gusti Allahingsun, tanpa mbayar apa-apa.” Sang Prabu banjur mundhut panuton lan sapi iku klawan rega seket sekel selaka.

25. Sang Prabu Dawud tumuli ngadegake misbyah kagem Sang Yehuwah ana ing kono lan nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan. Sang Yehuwah banjur nyembadani donga panyuwun tumrap nagara kono lan wewelake leren anggone nempuh wong Israel.

maca bab lengkap 2 Samuel 24