Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 24:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Bebendune Sang Yehuwah mungkat maneh marang wong Israel. Panjenengane nggosoki Prabu Dawud nglawan wong-wong iku, dhawuhe: “Mara lungaa lan cacahna wong Israel lan wong Yehuda.”

2. Sang Prabu banjur dhawuh marang Sang Yoab lan para tetindhihing wadyabala liyane, kang padha seba: “Dlajahana sawratane tanah Israel wiwit ing Dhan tutug ing Bersyeba; para kawula padha cacahna, supaya ingsun pirsa sapira kehe.”

3. Senapati Yoab banjur munjuk marang Sang Prabu: “Sang Yehuwah mugi mewahana kathahipun kawula tikela satus tinimbang ingkang sapunika tuwin mugi tingal dalem nguningani piyambak. Nanging kenging punapa dene gusti kawula Sang Prabu kok ngarsakaken ingkang kados makaten?”

4. Ewadene dhawuhe Sang Prabu kapeksa kudu diestokake dening Senapati Yoab lan para senapati liyane. Senapati Yoab lan para senapati liyane nuli padha mangkat nindakake dhawuhe Sang Prabu, nganakake pendhaftaran ana ing antarane bangsa Israel.

5. Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.

6. Banjur padha tekan ing Gilead lan Kadesy ing nagarane wong Het. Sabanjure padha menyang ing Dhan lan saka ing kono menggok ngener menyang Sidon.

7. Banjur tekan ing panggonan kang ana betenge, Tirus, lan sakehing kuthane wong Hewi lan wong Kanaan; wekasan tekan ing laladan Yehuda sisih kidul, ing Bersyeba.

8. Sawuse ndlajahi sawewengkone nagara kabeh banjur bali menyang ing Yerusalem, kelakone sangang sasi rong puluh dina.

9. Senapati Yoab banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu oleh-olehane cacah-jiwa. Wong Israel ana wolung atus ewu kang bisa asikep pedhang, lan wong Yehuda ana limang atus ewu.

10. Nanging sawuse milang kawulane, Sang Prabu Dawud geter galihe, banjur munjuk marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun nglampahi dosa ageng, awit nindakaken prakawis punika; dene sapunika dhuh, Sang Yehuwah, mugi abdi Paduka katebihna saking kalepatan punika, awit pratingkah kawula punika bodho sanget.”

11. Bareng Sang Prabu wungu ing wayah esuk, Nabi Gad, wonge sidik Sang Prabu Dawud, seba mundhi pangandikane Sang Yehuwah, kang mangkene:

12. “Lungaa, matura marang Dawud: Mangkene dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Telung prakara kang Suntawakake marang sira; pilihen salah siji, mesthi bakal Suntindakake.”

13. Sawuse Nabi Gad sowan marang Sang Prabu Dawud ngaturi uninga marang Sang Prabu sarta munjuk: “Panjenengan dalem punapa milih wewengkon dalem kadhatengan paceklik laminipun tigang taun? Punapa panjenengan dalem milih tigang wulan keplajeng saking mengsah dalem lan dipun bujeng? Utawi milih kambah pageblug tigang dinten dangunipun? Lah sapunika sumangga kawula aturi nggalih lan nglimbang-limbang, wangsulan punapa ingkang kedah kawula unjukaken dhateng Ingkang ngutus kawula.”

14. Sang Prabu ngandika marang Nabi Gad: “Sanget ribed manah kula, kajengipun kawula dhawah ing astanipun Sang Yehuwah, amargi ageng sihkadarmanipun; nanging sampun ngantos kula dhawah ing tanganipun manungsa.”

15. Dadine Sang Yehuwah banjur ndhawahake pageblug ana ing satengahe wong Israel wiwit ing wayah esuk nganti tekan ing wektu kang wus katemtokake; dene kang mati saka ing Dhan tumeka ing Bersyeba, wong pitung puluh ewu.

maca bab lengkap 2 Samuel 24