Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:9-12 Kitab Sutji (JAV)

9. Banjur Eliasar bin Dhodho anake wong Ahohi; iku kagolong prawira telu mau. Iki kang ndherekake Sang Prabu Dawud, nalika nantang wong Filisti, kang padha nglumpuk ing kana arep andon perang, mangka para wong Israel wus padha mundur.

10. Nanging Eliasar tumandang lan mateni wong Filisti akeh banget, nganti keju tangane lan epek-epeke kraket ing pedhange. Ing dina iku Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe. Wadyabala padha bali nututi, mung arep ngrayah.

11. Nuli: Sama, anake Age, wong ing Harari. Nalika bala Filisti nglumpuk ana ing Lekhi -- ing kana ana pategalan sakedhok kebak kacang tholo -- lan wadyabala wus padha keplayu saka ing ngarepe wong Filisti.

12. Sama iku ngadeg ana ing satengahe pategalan mau bisa nggegegi iku lan nggepuk wong Filisti nganti kalah. Mangkono anggone Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe.

maca bab lengkap 2 Samuel 23