Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:6-24 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging para wong dursilaiku kabeh dadi eri kang sinebar;lah, iku kabeh ora kena cinekel ing tangan:

7. ora ana wong kang bisa nggepok senggol,aliya kalawan wesi utawa landheyan tumbaklan diobong ing geni nganti ludhes!”

8. Iki jenenge para prawira abdine Sang Prabu Dawud: Isybaal, wong Hakhmoni, tetindhihe triwira: iku mbabitake tumbake nglawan wong wolung atus, kang mati kejojoh ana ing paprangan.

9. Banjur Eliasar bin Dhodho anake wong Ahohi; iku kagolong prawira telu mau. Iki kang ndherekake Sang Prabu Dawud, nalika nantang wong Filisti, kang padha nglumpuk ing kana arep andon perang, mangka para wong Israel wus padha mundur.

10. Nanging Eliasar tumandang lan mateni wong Filisti akeh banget, nganti keju tangane lan epek-epeke kraket ing pedhange. Ing dina iku Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe. Wadyabala padha bali nututi, mung arep ngrayah.

11. Nuli: Sama, anake Age, wong ing Harari. Nalika bala Filisti nglumpuk ana ing Lekhi -- ing kana ana pategalan sakedhok kebak kacang tholo -- lan wadyabala wus padha keplayu saka ing ngarepe wong Filisti.

12. Sama iku ngadeg ana ing satengahe pategalan mau bisa nggegegi iku lan nggepuk wong Filisti nganti kalah. Mangkono anggone Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe.

13. Nuju sawijining dina ana wong telu saka panunggalane panggedhe telung puluh kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud, ngarepake mangsa panen ing sacedhake guwa Adulam, dene balane wong Filisti ana sapantha kang apacak baris ana ing lebak Refaim.

14. Nalika samana Sang Prabu Dawud ana ing beteng ing pagunungan lan bala pandhudhukan Filisti ana ing kutha Betlehem.

15. Sang Prabu Dawud katuwuhan pepenginan lan ngandika: “Bok ana wong aweh banyu ngombe marang aku saka sumur ing Betlehem sacedhake gapura.”

16. Prawira tetelu iku banjur nrajang barisane wong Filisti, nimba banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura, nuli digawa lan dicaosake marang Sang Prabu Dawud. Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, nanging kasaosake minangka kurban unjukan marang Sang Yehuwah,

17. pangandikane: “Kawula mugi katebihna saking tumindak makaten dhuh Sang Yehuwah. Punika rak rahipun tiyang-tiyang ingkang sami kesah ngetohaken nyawanipun?” Lan Sang Prabu ora karsa ngunjuk. Mengkono kang dilakoni prawira tetelu iku.

18. Sang Abisai, kang rayine Sang Yoab bin Zeruya, iku tetindhihe wong telung puluh. Iya Sang Abisai iku kang mbabitake tumbake nglawan mungsuh wong telung atus, kang mati ditumbak. Dadine wong iku kaloka ing antarane wong telung puluh mau.

19. Rak Sang Abisai kang kajen dhewe ana ing antarane wong telung puluh iku? Pancen iku dadi tetindhihe, nanging durung madhani triwira iku.

20. Nuli Benaya bin Yoyadha anake wong gagah prakosa lan gedhe lelabetane, kang asale saka Kabzeel, wong iku mateni prawira agung loro saka Moab. Benaya iya tau nyemplung ing luweng lan mateni singa, nalika tibane udan salju.

21. Iku uga mateni sawijining wong Mesir, kang gedhe dhuwur dedege; wong Mesir iku asikep tumbak, nanging dipapagake mung klawan nggawa penthung, tumbake wong Mesir mau, direbut, wonge dipateni nganggo tumbake dhewe.

22. Iku kang ditindakake Benaya bin Yoyadha, mulane kasuwur ana ing antarane prawira telung puluh iku.

23. Ing antarane wong telung puluh mau, iku kang dieringi dhewe; ewadene ora bisa madhani triwira mau. Lan Sang Prabu Dawud ngangkat Benaya dadi tetindhihe bala pangawale.

24. Sang Asael, rayine Sang Yoab, iku panunggalane prawira telung puluh mau. Tumuli Elhanan bin Dodo, wong Betlehem;

maca bab lengkap 2 Samuel 23