Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:20-28 Kitab Sutji (JAV)

20. Nuli Benaya bin Yoyadha anake wong gagah prakosa lan gedhe lelabetane, kang asale saka Kabzeel, wong iku mateni prawira agung loro saka Moab. Benaya iya tau nyemplung ing luweng lan mateni singa, nalika tibane udan salju.

21. Iku uga mateni sawijining wong Mesir, kang gedhe dhuwur dedege; wong Mesir iku asikep tumbak, nanging dipapagake mung klawan nggawa penthung, tumbake wong Mesir mau, direbut, wonge dipateni nganggo tumbake dhewe.

22. Iku kang ditindakake Benaya bin Yoyadha, mulane kasuwur ana ing antarane prawira telung puluh iku.

23. Ing antarane wong telung puluh mau, iku kang dieringi dhewe; ewadene ora bisa madhani triwira mau. Lan Sang Prabu Dawud ngangkat Benaya dadi tetindhihe bala pangawale.

24. Sang Asael, rayine Sang Yoab, iku panunggalane prawira telung puluh mau. Tumuli Elhanan bin Dodo, wong Betlehem;

25. Sama, wong ing Harod; Elika, wong Harod;

26. Heles, wong Palti; Ira anake Ikesy, wong ing Tekoa;

27. Abiezer, wong ing Anatot; Mebunai, wong Husa;

28. Zalmon, wong Ahohi; Maharai, wong Netofa;

maca bab lengkap 2 Samuel 23