Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:19-38 Kitab Sutji (JAV)

19. Rak Sang Abisai kang kajen dhewe ana ing antarane wong telung puluh iku? Pancen iku dadi tetindhihe, nanging durung madhani triwira iku.

20. Nuli Benaya bin Yoyadha anake wong gagah prakosa lan gedhe lelabetane, kang asale saka Kabzeel, wong iku mateni prawira agung loro saka Moab. Benaya iya tau nyemplung ing luweng lan mateni singa, nalika tibane udan salju.

21. Iku uga mateni sawijining wong Mesir, kang gedhe dhuwur dedege; wong Mesir iku asikep tumbak, nanging dipapagake mung klawan nggawa penthung, tumbake wong Mesir mau, direbut, wonge dipateni nganggo tumbake dhewe.

22. Iku kang ditindakake Benaya bin Yoyadha, mulane kasuwur ana ing antarane prawira telung puluh iku.

23. Ing antarane wong telung puluh mau, iku kang dieringi dhewe; ewadene ora bisa madhani triwira mau. Lan Sang Prabu Dawud ngangkat Benaya dadi tetindhihe bala pangawale.

24. Sang Asael, rayine Sang Yoab, iku panunggalane prawira telung puluh mau. Tumuli Elhanan bin Dodo, wong Betlehem;

25. Sama, wong ing Harod; Elika, wong Harod;

26. Heles, wong Palti; Ira anake Ikesy, wong ing Tekoa;

27. Abiezer, wong ing Anatot; Mebunai, wong Husa;

28. Zalmon, wong Ahohi; Maharai, wong Netofa;

29. Heleb bin Baana, wong Netofa; Itai bin Ribai, saka ing Gibea, wong Benyamin;

30. Benaya, wong Piraton; Hidai saka ing lebak-lebak Gaas;

31. Abialbon, wong ing Bet-Araba; Azmawet, wong ing Bahurim;

32. Elyakhba, wong Saalbon; Yasyen, wong Guni;

33. Yonatan bin Sama, wong Harari; Ahiam bin Sarar, wong Harari;

34. Elifelet, anake Ahasbai wong ing Maakha; Eliam, anake Akhitofel, wong ing Gilo;

35. Hezrai, wong ing Karmel; Paerai, wong Arbi;

36. Yigal bin Natan, saka ing Zoba; Bani wong Gad;

37. Zelek, wong Amon; Naharai, wong ing Beerot, juru ngampil gegamane Sang Yoab, bin Zeruya;

38. Ira, wong Yetri; Gareb, wong Yetri;

maca bab lengkap 2 Samuel 23