Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:16-20 Kitab Sutji (JAV)

16. Prawira tetelu iku banjur nrajang barisane wong Filisti, nimba banyu saka sumur ing Betlehem ing sacedhake gapura, nuli digawa lan dicaosake marang Sang Prabu Dawud. Sang Prabu Dawud ora karsa ngunjuk, nanging kasaosake minangka kurban unjukan marang Sang Yehuwah,

17. pangandikane: “Kawula mugi katebihna saking tumindak makaten dhuh Sang Yehuwah. Punika rak rahipun tiyang-tiyang ingkang sami kesah ngetohaken nyawanipun?” Lan Sang Prabu ora karsa ngunjuk. Mengkono kang dilakoni prawira tetelu iku.

18. Sang Abisai, kang rayine Sang Yoab bin Zeruya, iku tetindhihe wong telung puluh. Iya Sang Abisai iku kang mbabitake tumbake nglawan mungsuh wong telung atus, kang mati ditumbak. Dadine wong iku kaloka ing antarane wong telung puluh mau.

19. Rak Sang Abisai kang kajen dhewe ana ing antarane wong telung puluh iku? Pancen iku dadi tetindhihe, nanging durung madhani triwira iku.

20. Nuli Benaya bin Yoyadha anake wong gagah prakosa lan gedhe lelabetane, kang asale saka Kabzeel, wong iku mateni prawira agung loro saka Moab. Benaya iya tau nyemplung ing luweng lan mateni singa, nalika tibane udan salju.

maca bab lengkap 2 Samuel 23