Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 23:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Sang Prabu Dawud kang wekasan:“Wulang bebasane Dawud bin Isai lan wedharing sabdane kang sinengkakake ing ngaluhur,wong kang jinebadan ing Gusti Allahe Yakub,juru masmur kang nengsemake ana ing Israel:

2. Rohe Sang Yehuwah medhar sabda lumantar aku,sabdane dumunung ana ing ilatku:

3. Gusti Allah Israel ngandika,peparange Israel ngandika marang aku:Yen sawijining wong ngereh manungsa klawan adil,mrentah klawan wedi asih marang Gusti Allah,

4. sumunar kadi bangbang wetan ing wayah esuk,wayah esuk ora ngemu mendhung,kang sawuse udan marakakesuket nom ing bumi keclap-keclap.

5. Apa ora mengkono kulawargaku ana ing ngarsane Gusti Allah?Amarga Panjenengane macak prajanjian langgeng,sarwa tinata lan santosa.Jer sakehe kaslametan lan kabungahanku,apa dudu panjenengane kang nuwuhake?

6. Nanging para wong dursilaiku kabeh dadi eri kang sinebar;lah, iku kabeh ora kena cinekel ing tangan:

7. ora ana wong kang bisa nggepok senggol,aliya kalawan wesi utawa landheyan tumbaklan diobong ing geni nganti ludhes!”

8. Iki jenenge para prawira abdine Sang Prabu Dawud: Isybaal, wong Hakhmoni, tetindhihe triwira: iku mbabitake tumbake nglawan wong wolung atus, kang mati kejojoh ana ing paprangan.

9. Banjur Eliasar bin Dhodho anake wong Ahohi; iku kagolong prawira telu mau. Iki kang ndherekake Sang Prabu Dawud, nalika nantang wong Filisti, kang padha nglumpuk ing kana arep andon perang, mangka para wong Israel wus padha mundur.

10. Nanging Eliasar tumandang lan mateni wong Filisti akeh banget, nganti keju tangane lan epek-epeke kraket ing pedhange. Ing dina iku Sang Yehuwah paring kaunggulan gedhe. Wadyabala padha bali nututi, mung arep ngrayah.

maca bab lengkap 2 Samuel 23