Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 21:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.

8. Sang Prabu banjur mundhut wong lanang loro, anake Rispa, anake wadon Aya, kang patutan karo Prabu Saul, yaiku Armoni lan Mefiboset, sarta wong lima putrane kakung Sang Putri Merab, putrane putri Sang Prabu Saul, kang patutan karo Adriel bin Barzilai, wong ing Mehola;

9. banjur padha dipasrahake marang tangane wong Gibeon. Wong iku banjur padha digantung dening wong Gibeon ana ing pagunungan ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Wong pepitu iku padha mati bareng. Wong iku anggone padha kaukum pati nalika wiwitane mangsa panen, iya wiwitane mangsa panen sair.

10. Rispa, anake wadon Aya, banjur njupuk bagor, dijereng ana ing ngarepe ana ing dhuwur gunung parang, wiwit mangsa panen nganti tumeka tibane udan nelesi mayit-mayit iku. Ora oleh diparani manuk-manuk ing awang-awang ing wayah awan, utawa sato kewan ing alas ing wayah bengi.

11. Bareng Sang Prabu mirsa apa kang ditindakake dening Rispa, anake wadon Aya, garwane ampeyan Sang Prabu Saul,

12. Sang Prabu Dawud banjur tindak mundhut balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra, saka wong Yabesy-Gilead, kang padha nyolong balung-balung iku saka ing ara-ara ing Bet-San, ing panggonane anggone padha digantung dening wong Filisti, nalika wong Filisti padha ngasorake perange Prabu Saul ana ing Gilboa.

13. Panjenengane ngusungi balung-balunge Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra. Balung-balunge wong-wong kang padha digantung mau iya padha dikumpulake,

14. banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.

15. Nalika kelakon ana perang maneh antarane wong Filisti lan wong Israel, Sang Prabu Dawud kadherekake wadyabalane, banjur perang nglawan wong Filisti, nganti Sang Prabu Dawud sayah banget.

16. Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure -- boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar -- ngira bisa nyedani Prabu Dawud.

maca bab lengkap 2 Samuel 21