Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 21:12-18 Kitab Sutji (JAV)

12. Sang Prabu Dawud banjur tindak mundhut balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra, saka wong Yabesy-Gilead, kang padha nyolong balung-balung iku saka ing ara-ara ing Bet-San, ing panggonane anggone padha digantung dening wong Filisti, nalika wong Filisti padha ngasorake perange Prabu Saul ana ing Gilboa.

13. Panjenengane ngusungi balung-balunge Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra. Balung-balunge wong-wong kang padha digantung mau iya padha dikumpulake,

14. banjur dipetak bareng karo balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan kang putra ana ing tanah Benyamin, ing Zela, ing pasareane Sang Kisy, kang rama. Wong padha nindakake sakehe dhawuhe Sang Prabu Dawud; dene sawuse iku Gusti Allah nyembadani pandonga tumrap nagara iku.

15. Nalika kelakon ana perang maneh antarane wong Filisti lan wong Israel, Sang Prabu Dawud kadherekake wadyabalane, banjur perang nglawan wong Filisti, nganti Sang Prabu Dawud sayah banget.

16. Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure -- boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar -- ngira bisa nyedani Prabu Dawud.

17. Nanging Sang Abisai bin Zeruya banjur mbiyantu Sang Prabu Dawud, nuli ngebrukake lan mateni wong Filisti iku. Ing wektu iku wadyabalane Prabu Dawud nyuwun kalawan banget marang panjenengane, unjuke: “Panjenengan dalem sampun ngantos nyarirani perang sesarengan kaliyan kawula, supados turunipun Israel sampun ngantos tumpes sareng kaliyan panjenengan dalem.”

18. Sawuse iku kelakon ana perang maneh nglawan bala Filisti ana ing Gob; ing nalika samana Sibkhai wong ing Husa, ngasorake Saf, kang kagolong turune wong kang gedhe dhuwur ngeram-eramake.

maca bab lengkap 2 Samuel 21