Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 20:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika semana ing kono pinuju ana wong dursila, jenenge Seba bin Bikri, wong Benyamin, iku ngunekake kalasangka sarta ngucap:“Kita ora duwe panduman saka Dawud.Kita ora duwe warisan tumrap anake Isai.He wong Israel, payo padha mulih menyang kemah kita dhewe-dhewe!”

2. Sakehe wong Israel banjur padha ninggal Prabu Dawud lan ngetutburi Seba bin Bikri, dene wong Yehuda tetep setya marang ratune, padha ndherekake tindake wiwit saka bengawan Yarden nganti tekan ing Yerusalem.

3. Sarawuhe Sang Prabu Dawud ing Yerusalem, banjur nimbali garwa ampeyan sepuluh, kang ditilar ngreksa kraton, nuli dilebetake ing sawijining omah tutupan; Sang Prabu ngingoni para wong wadon iku nanging ora dirawuhi. Padha dikebonake kaya randha nganti sapatine.

4. Sang Prabu Dawud ngandika marang Sang Amasa: “Para wong Yehuda kerigna sajrone telung dina, sawise sowana mrene maneh!”

5. Sang Amasa banjur mangkat ngumpulake wong Yehuda, nanging kuwajibane diendhe-endhe nganti kliwat wektune kang katemtokake dening Sang Prabu.

6. Sang Prabu Dawud banjur ngandika marang Sang Abisai: “Ing wektu iki Seba bin Bikri iku tumrap kita luwih mbebayani katimbang karo Absalom, mulane sira bae ngirida balane gustinira, lan wong iku burunen aja nganti mlebu ing kutha beteng temahan mrucut saka ing tangan kita.”

7. Sang Yoab, wong Kreti, wong Pleti lan sakehe para prawira padha budhal nututi. Padha metu Yerusalem nedya ngoyak Seba bin Bikri.

8. Bareng tekan ing sacedhake watu gedhe ing Gibeon, Sang Amasa wus ndhisiki ana ing kono. Dene Sang Yoab asikep praboting perang sarta sabukan, kalawan nyengkelit pedhang ing bangkekane. Nalika jumangkah maju, pedhange konus lan runtuh.

maca bab lengkap 2 Samuel 20