Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 2:21-29 Kitab Sutji (JAV)

21. Senapati Abner banjur ngandika maneh: “Cekelen salah sawijining wong nom-noman iku lan rebuten gegamane.” Nanging Sang Asael ora karsa mandheg anggone mbujeng Sang Abner.

22. Senapati Abner banjur ngandika sapisan engkas: “Mandhega anggonmu mburu aku. Apa kowe njaluk dakgepuk nganti ambruk? Iba isinku nyawang marang kakangmu Yoab!”

23. Nanging Sang Asael ora kersa mandheg. Senapati Abner banjur njojoh lambunge Sang Asael kalawan tumbake, nganti tembus ing gegere, temah ambruk ana ing kono lan seda ngenggon. Sakehing wong kang padha teka ing panggonane Sang Asael kang ambruk banjur seda mau, padha mandheg.

24. Nanging Sang Yoab lan Sang Abisai padha nguber-uber Sang Abner. Bareng wis surup srengenge lan padha teka ing sacedhake gunung Ama, kang ana ing sawetane Giakh, kang kaprenah ing sangarepe pasamunan Gibeon,

25. bani Benyamin padha ngumpul ana ing saburine Senapati Abner dadi sagelengan lan wis padha siyaga ana ing pucaking gunung.

26. Senapati Abner banjur nguwuh-uwuh marang Sang Yoab: “Punapa pedhang punika kedah lajeng kemawon anggenipun memangsa? Punapa panjenengan boten mangretos, manawi wekasanipun badhe ngraosaken pait getir. Ngantos taksih pinten dangunipun anggen panjenengan boten karsa ndhawuhi dhateng bala, supados sami kendel anggenipun ngoyak-oyak para sadherekipun?”

27. Wangsulane Senapati Yoab: “Demi asmanipun Sang Yehuwah agesang, saupami panjenengan wau-wau sampun ngandika, wiwit wanci enjing rakyat sampun sami mundur anggenipun mbujeng sadherekipun.”

28. Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, temah sakehing bala padha leren anggone mburu wong Israel lan ora perang maneh.

29. Sawengi muput Senapati Abner anggone tindak kadherekake wadya-balane nglangkungi Araba-Yordan, nyabrang ing bengawan Yarden, meh sadina kaceput anggone padha lumaku terus, nganti tekan ing Mahanaim.

maca bab lengkap 2 Samuel 2