14. Senapati Abner ngandika marang Senapati Yoab: “Cikben wong nom-noman padha maju, padha perang tandhing ana ing ngarep kita.” Wangsulane Senapati Yoab: “Becik.”
15. Banjur padha maju perang mawa diwilang; rolas saka taler Benyamin, balane Prabu Isyboset, putrane Sang Prabu Saul, lan rolas saka balane Prabu Dawud.
16. Wong-wong iku padha candhak-cinandhak sirahe, lan padha pedhang-pinedhang lambunge, temah padha mati sampyuh. Mulane panggonan kono diarani Helkat-Hazurim; prenahe ing sacedhake Gibeon.
17. Ing dina iku campuhing perang ngebat-ebati, lan Sang Abner sabalane padha disorake dening balane Prabu Dawud.
18. Putrane kakung Sang Zeruya telu, yaiku Sang Yoab, Abisai lan Asael padha ana ing kono; Sang Asael iku playune kaya kidang ana ing ara-ara.
19. Sang Asael anggone mbujeng nututi Sang Abner ora menggak-menggok mangiwa utawa manengen.
20. Senapati Abner banjur noleh lan ndangu: “Apa iki kowe Asael?” Wangsulane: “Iya aku.”
21. Senapati Abner banjur ngandika maneh: “Cekelen salah sawijining wong nom-noman iku lan rebuten gegamane.” Nanging Sang Asael ora karsa mandheg anggone mbujeng Sang Abner.
22. Senapati Abner banjur ngandika sapisan engkas: “Mandhega anggonmu mburu aku. Apa kowe njaluk dakgepuk nganti ambruk? Iba isinku nyawang marang kakangmu Yoab!”