Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 2:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Dawud banjur munjuk pitakon marang Pangeran Yehuwah, ature: “Kawula punapa Paduka karsakaken bidhal dhateng salah satunggaling kitha ing Yehuda?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mangkata!” Senapati Dawud nuli matur: “Kawula kadhawuhan dhateng pundi?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Menyanga ing Hebron!”

2. Senapati Dawud banjur tindak mrana, kadherekake garwane karo pisan: Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel, lan Abigail, randhane Nabal, wong ing Karmel.

3. Senapati Dawud uga ngajak para wong kang ndherekake tindake, sawiji-wijine karo kulawargane lan padha manggon ana ing Hebron.

4. Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda.Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul,

5. Sang Prabu Dawud banjur utusan wong menyang Yabesy-Gilead, kanthi kaweling: “Muga sira padha binerkahana ing Sang Yehuwah, amarga sira wus ngatonake katresnanira marang Sang Prabu Saul, gustinira, yaiku anggonira padha nyarekake layone.

6. Mulane Sang Yehuwah muga nandukna sih lan kasetyane marang sira. Ingsun uga bakal nandukake kabecikan iki marang sira, amarga sira wus nindakake prakara kang kaya mangkono iku.

7. Disantosa atinira saiki lan padha dadia wong kang gagah prakosa, sanadyan gustinira Sang Prabu Saul wus seda; dene ingsun wus dijebadi dening tedhake Yehuda dadi ratune.”

8. Sang Abner, bin Ner, senapatine Sang Prabu Saul, wus nambut Pangeran Isyboset, putrane Prabu Saul lan didherekake: menyang ing Mahanaim,

9. sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.

10. Pangeran Isyboset bin Saul ing wektu samana yuswane patang puluh taun, nalika jumeneng ratu, ngereh bangsa Israel, dene anggone ngasta paprentahan lawase rong taun. Mung tedhake Yehuda kang ndherek Sang Prabu Dawud.

maca bab lengkap 2 Samuel 2