Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 19:37-43 Kitab Sutji (JAV)

37. Kaparenga abdi dalem mantuk, supados kawula saged tilar wonten ing kitha kawula piyambak, celak kaliyan kuburipun bapa miwah biyung kawula. Nanging lah punika abdi dalem Kimham, ingkang saged ndherekaken gusti kawula Sang Prabu, saha kadamela ing sakeparenging karsa dalem.”

38. Sang Prabu nuli ngandika: “Iya becik, Kimham bae ndhereka ingsun, ingsun bakal nandukake apa kang kokkarepake lan sakehing panyuwunira bakal sunsembadani.”

39. Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.

40. Sawuse iku Sang Prabu terus tindak menyang ing Gilgal lan Kimham ndherekake. Sakehe wong Yehuda lan saparone taler Israel padha ndherekake Sang Prabu:

41. Nanging sakehe wong Israel padha seba lan munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene para sadherek kawula para tiyang Yehuda punika kok sami mboyong Sang Prabu kanthi sidheman saha nyabrangaken ing benawi Yarden sagarwa putra tuwin sadaya abdinipun Sang Prabu Dawud ingkang sami ndherekaken?”

42. Wong Yehuda kabeh banjur padha mangsuli marang wong Israel: “Amarga Sang Prabu iku sadulurku. Kena apa kowe kok padha nepsu marga saka prakara iki? Apa aku padha mangan apa-apa kanthi wragat saka Sang Prabu? Apa aku padha oleh kauntungan?”

43. Nanging wong Israel padha mangsuli marang wong Yehuda: “Aku padha duwe wewenang tikel sapuluh mungguh Sang Prabu. Sarehne aku anak mbarep, dadi ngluwihi kowe. Kena apa kowe padha ngremehake aku kabeh? Apa dudu aku kang wajib dhisik dhewe mboyong kondur marang Sang Prabu?” Nanging tembunge wong Yehuda luwih landhep katimbang tembunge wong Israel.

maca bab lengkap 2 Samuel 19