Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 19:3-11 Kitab Sutji (JAV)

3. Mulane lumebune wadyabala menyang kutha ing dina iku tanpa swara, kaya dene bala kang kawirangan, samangsa bali mulih mung meneng-menengan bae amarga keplayu saka ing paprangan.

4. Sang Prabu nutupi wedanane, klawan swara sora Sang Prabu asambat-sambat: “Adhuh anakku, engger Absalom, Absalom anakku, anakku!”

5. Sang Senapati Yoab banjur seba marang ngarsane Sang Prabu sarta matur: “Ing dinten punika panjenengan dalem damel wirangipun sadaya abdi dalem ingkang sampun mitulungi nyawa dalem saha nyawanipun para putra dalem kakung-putri sarta para garwa padmi tuwin ampeyan dalem,

6. inggih punika anggen panjenengan dalem ngasihi tiyang ingkang sengit dhateng panjenengan dalem lan nggethingi para tiyang ingkang nresnani panjenengan dalem. Amargi ing dinten punika panjenengan dalem nelakaken, bilih para senapati lan para wadyabala sami boten wonten aosipun wonten ing ngarsa dalem. Malah kawula mangretos, bilih saupami Absalom taksih gesang, kawula sadaya sami nemahi pejah ing dinten punika, temtu ingkang makaten punika panjenengan dalem anggep sae.

7. Pramila, panjenengan dalem kawula aturi jumeneng saha miyos maringi pangandika, supados manahipun para tiyang sami lega. Kawula supaos demi asmanipun Sang Yehuwah, saupami panjenengan dalem boten miyos, boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ndherek panjenengan dalem ing dalu punika; mangka prakawis punika ateges langkung mbebayani katimbang kaliyan sakathahipun bebaya ingkang panjenengan dalem alami wiwit timur dalem ngantos dumugi sapunika.”

8. Sang Prabu banjur jumeneng ana ing gapura. Wong-wong banjur padha kawartanan kabeh mangkene: “Lah Sang Prabu lenggah ana ing gapura.” Wong kabeh banjur padha seba marang ngarsane Sang Prabu. Dene wong Israel wis padha lumayu, padha mulih menyang pakemahane sowang-sowangan.

9. Sakehe wong taler-taler Israel kabeh padha tutuh-tinutuh tembunge: “Sang Prabu Dawud wis ngluwari kita saka mungsuh kita apadene kang nguwalake kita saka tangane wong Filisti, mangka saiki kengser saka ing nagara marga saka Pangeran Absalom.

10. Nanging Pangeran Absalom kang wus kita jebadi, supaya ngereh kita, nemahi seda ana ing paprangan. Lah saiki yagene kowe padha meneng bae lan ora ngaturi kondur Sang Prabu?”

11. Sang Prabu wis utusan wong marani Imam Zadhok lan Imam Abyatar sarta padha kaweling: “Rembugana karo para tuwa-tuwane Yehuda mangkene: Yagene kowe malah kang kari dhewe anggonmu ngaturi kondur Sang Prabu menyang kratone?” Amarga rembuge wong Israel kabeh wis kapiyarsa dening Sang Prabu.

maca bab lengkap 2 Samuel 19