Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 19:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. Sanadyan sakathahing kulawarganipun abdi dalem punika ingkang pancenipun pantes kaukum pejah dening gusti kawula Sang Prabu, ewadene panjenengan dalem sampun njunjung abdi dalem kagolongaken tiyang ingkang sami tampi cadhong rejeki saking kraton dalem. Punapa ta wewenang kawula, dene taksih purun nyuwun punapa-punapa dhateng Sang Prabu?”

29. Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa perlune sira matur bab kaananira maneh? Ingsun wus paring katetepan: Sira lan Ziba ngeduma palemahan iku.”

30. Mefiboset banjur matur marang Sang Prabu: “Kajengipun dipun pendhet sadaya, amargi gusti kawula Sang Prabu sampun kondur dhateng kedhaton kanthi raharja.”

31. Barzilai wong ing Gilead, uga wus teka saka Rogelim lan melu ndherekake tindake Sang Prabu menyang bengawan Yarden, lan ngiringake tekan ing kana.

32. Barzilai iku wis tuwa banget, umure wis wolung puluh taun. Wong iku kang nyukupi dhahare Sang Prabu sasuwene ana ing Mahanaim, ujer iku sugih banget.

33. Pangandikane Sang Prabu marang Barzilai: “Sira ndhereka ingsun, mesthi bakal sunopeni ana ing kratoningsun ing Yerusalem.”

34. Nanging Barzilai munjuk: “Taksih pinten taun malih anggen kawula gesang, kawula kok kadhawuhan ndherek panjenengan dalem dhateng Yerusalem.

35. Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?

maca bab lengkap 2 Samuel 19