Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 19:24-40 Kitab Sutji (JAV)

24. Sang Mefiboset bin Saul methukake Sang Prabu Dawud, ora wijikan sampeyane, ora diopeni jenggote lan ora dikumbah pangagemane wiwit Sang Prabu jengkar nganti tumeka kondure kanthi slamet.

25. Nalika panjenengane methukake Sang Prabu didangu dening Sang Prabu: “Yagene sira ora lunga ndherekake lakuningsun, Mefiboset?”

26. Atur wangsulane: “Nuwun inggih, gusti kawula Sang Prabu, kawula dipun apusi rencang kawula. Awitdene rencangipun abdi dalem kawula cariyosi makaten: Ngabah-abahana kuldi arep daktunggangi ndherek tindake Sang Prabu, ujer abdi dalem punika pincang.

27. Rencang kawula punika nyidrani abdi dalem ing bab gusti kawula Sang Prabu. Nanging gusti kawula Sang Prabu punika prasasat kados malaekatipun Gusti Allah; pramila panjenengan dalem kawula aturi nindakaken punapa ingkang panjenengan dalem galih prayogi.

28. Sanadyan sakathahing kulawarganipun abdi dalem punika ingkang pancenipun pantes kaukum pejah dening gusti kawula Sang Prabu, ewadene panjenengan dalem sampun njunjung abdi dalem kagolongaken tiyang ingkang sami tampi cadhong rejeki saking kraton dalem. Punapa ta wewenang kawula, dene taksih purun nyuwun punapa-punapa dhateng Sang Prabu?”

29. Nanging Sang Prabu ngandika: “Apa perlune sira matur bab kaananira maneh? Ingsun wus paring katetepan: Sira lan Ziba ngeduma palemahan iku.”

30. Mefiboset banjur matur marang Sang Prabu: “Kajengipun dipun pendhet sadaya, amargi gusti kawula Sang Prabu sampun kondur dhateng kedhaton kanthi raharja.”

31. Barzilai wong ing Gilead, uga wus teka saka Rogelim lan melu ndherekake tindake Sang Prabu menyang bengawan Yarden, lan ngiringake tekan ing kana.

32. Barzilai iku wis tuwa banget, umure wis wolung puluh taun. Wong iku kang nyukupi dhahare Sang Prabu sasuwene ana ing Mahanaim, ujer iku sugih banget.

33. Pangandikane Sang Prabu marang Barzilai: “Sira ndhereka ingsun, mesthi bakal sunopeni ana ing kratoningsun ing Yerusalem.”

34. Nanging Barzilai munjuk: “Taksih pinten taun malih anggen kawula gesang, kawula kok kadhawuhan ndherek panjenengan dalem dhateng Yerusalem.

35. Sapunika kawula sampun umur wolung dasa taun, punapa kawula taksih saged mbedakaken prakawis ingkang sae utawi awon? Punapa kawula taksih saged ngraosaken punapa-punapa ingkang kawula tedha utawi kawula ombe? Punapa kawula taksih saged ngemataken larasing pangidunganipun para pasindhen jaler lan estri? Punapa perlunipun abdi dalem punika taksih dados tanggelanipun gusti kawula Sang Prabu?

36. Abdi dalem punika namung saged ndherekaken sakedhap dumugi ing benawi Yarden. Kenging punapa Sang Prabu paring ganjaran ingkang semanten agengipun dhateng kawula?

37. Kaparenga abdi dalem mantuk, supados kawula saged tilar wonten ing kitha kawula piyambak, celak kaliyan kuburipun bapa miwah biyung kawula. Nanging lah punika abdi dalem Kimham, ingkang saged ndherekaken gusti kawula Sang Prabu, saha kadamela ing sakeparenging karsa dalem.”

38. Sang Prabu nuli ngandika: “Iya becik, Kimham bae ndhereka ingsun, ingsun bakal nandukake apa kang kokkarepake lan sakehing panyuwunira bakal sunsembadani.”

39. Sawuse mangkono wong akeh padha nyabrang ing bengawan Yarden; Sang Prabu nuli pamitan marang Barzilai kanthi diaras lan uga banjur nyabrang. Wong iku banjur mulih menyang ing papan padunungane.

40. Sawuse iku Sang Prabu terus tindak menyang ing Gilgal lan Kimham ndherekake. Sakehe wong Yehuda lan saparone taler Israel padha ndherekake Sang Prabu:

maca bab lengkap 2 Samuel 19