Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 19:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Simei bin Gera wong Benyamin saka ing Bahurim iya age-age teka kanthi para wong Yehuda methukake rawuhe Sang Prabu Dawud.

17. Uga ana wong sewu saka tlatah Benyamin kang mbarengi lakune. Lan Ziba abdine kulawargane Prabu Saul dalah anake lanang limalas sarta abdine rong puluh padha gupuh-gupuh ndhingini rawuhe Sang Prabu menyang kali Yarden.

18. Banjur nyabrang saka pasabrangan arep nyabrangake garwa-putrane Sang Prabu sarta nindakake apa kang dianggep prayoga. Simei bin Gera sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu, nalika Sang Prabu ndungkap nyabrang ing kali Yarden,

19. lan munjuk marang Sang Prabu: “Gusti kawula mugi sampun ngantos tetep nganggep kawula punika lepat saha sampun ngantos ngengeti dhateng pratingkahipun abdi dalem ingkang lepat, nalika panjenengan dalem jengkar saking Yerusalem; sampun ngantos panjenengan dalem nggalih dhateng prakawis punika malih.

20. Abdi dalem saestu rumaos, bilih abdi dalem sampun damel dosa lan mugi panjenengan dalem pirsani, ing dinten punika kawula ingkang rumiyin piyambak saking sakathahipun trah Yusup ingkang methukaken rawuhipun gusti kawula Sang Prabu.”

21. Sang Abisai bin Zeruya banjur nyelani, ature: “Punapa Simei boten kedah kaukum pejah, amargi rumiyin ngipat-ipati ingkang jinebadan dening Sang Yehuwah?”

22. Nanging Sang Prabu Dawud ngandika: “Sira melu-melu apa he anake Zeruya, kok ing dina iki sira nglawan marang ingsun? Apa ing dina iku nganti ana wong kang dipateni ing Israel? Apa kokkira ingsun ora pirsa, yen ing dina iki ingsun dadi ratu maneh ngereh bangsa Israel?”

maca bab lengkap 2 Samuel 19