Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 17:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. Wong wadon iku banjur njupuk lurub, dijereng ing cangkeming sumur mau lan disebari las-lasan gandum, temah ora katon apa-apa.

20. Para abdine Pangeran Absalom teka ing omahe wong wadon iku, banjur takon: “Ahimaas lan Yonatan ana ing ngendi?” Wangsulane wong wadon iku marang wong-wong iku: “Tiyangipun sampun sami nyabrang ing lepen punika.” Sarehne anggone nggoleki ora ketemu, tumuli padha bali mulih menyang Yerusalem.

21. Bareng wong-wong iku wus padha lunga, wong loro mau mentas saka ing sumur, banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu Dawud sarta munjuk: “Panjenengan dalem kawula aturi tata-tata saha lajeng enggal nyabrang ing lepen punika, margi makaten-makaten pirembagipun Akhitofel tumrap ing panjenengan dalem.”

22. Sang Prabu dalah sapandhereke nuli padha tata-tata lan nyabrang ing bengawan Yarden. Nalika wayah byar esuk ora ana wong siji-sijia kang kari kang ora nyabrang ing bengawan Yarden.

23. Bareng Akhitofel weruh, yen rembage ora diglape, banjur ngabah-abahi kuldine lan mangkat mulih menyang omahe, ing kuthane, nata kabutuhaning omahe, wasana banjur mati gantung. Mangkono patine Akhitofel, nuli dipetak ing kubure bapakne.

24. Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, nalika Pangeran Absalom nyabrangi kali Yarden, kadherekake sakehe wong Israel.

25. Pangeran Absalom njunjung Amasa dadi senapati, nggenteni Sang Yoab. Amasa iku anake wong kang jeneng Yitra, wong Israel, kang ngrabeni Abigal anake Nahas, sadulure wadon Zeruya, ibune Yoab.

26. Wong Israel lan Pangeran Absalom padha pacak baris ana ing tanah Gilead.

27. Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, Sobi bin Nahas saka ing Raba, kuthane bani Amon, Makhir bin Amiel saka ing Lodebar, lan Barzilai, wong Gilead saka ing Rogelim, padha ngeteri kasur pasarean,

28. bokor, wadhah-wadhah grabah, uga gandum, sair, glepung, emping gandum, kacang babi, kacang tholo lan kacang ruji,

29. madu, kaniling powan, wedhus-wedhus, lan keju sapi, kagem dhahar Sang Prabu Dawud lan sapandhereke, amarga pangucape: “Wong iku ana ing pasamunan mesthi padha sayah lan luwe.”

maca bab lengkap 2 Samuel 17