Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 17:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Lan saupami panjenenganipun mundur mlebet dhateng salah satunggaling kitha, sadaya bala Israel badhe ningseti kitha punika lan saged kita larak dumugi ing lepen, temah boten wonten krikil satunggal kemawon ingkang taksih pinanggih wonten ing ngriku malih.”

14. Pangeran Absalom banjur ngandika lan sakehe wong Israel padha ngucap: “Pirembuge Husai, wong Arki iku, luwih becik tinimbang karo rembuge Akhitofel.” Amarga wus dadi karsane Sang Yehuwah, manawa pirembuge Akhitofel kang becik iku, diwurungake, supaya nekakake bilai marang Pangeran Absalom.

15. Husai banjur kandha marang Imam Zadhok lan Imam Abyatar: “Makaten-makaten pirembagipun Akhitofel dhateng Pangeran Absalom lan dhateng para sesepuhipun bangsa Israel, nanging rembag kula makaten-makaten.

16. Pramila, panjenengan enggal-enggal ngaturana uninga dhateng Sang Prabu Dawud, makaten: “Mangke dalu, panjenengan dalem sampun ngantos nyare wonten ing papan-papan pasabrangan ingkang dhateng pasamunan, nanging enggal karsaa nyabrang murih Sang Prabu saha sadaya tiyang ingkang ndherekaken sampun ngantos kauntal sadaya.”

17. Anadene Yonatan lan Ahimaas ngenteni ana ing En-Rogel lan saben-saben ana abdi wadon kang teka aweh warta, iku banjur padha diaturake marang Sang Prabu Dawud, mulane mangkono, amarga aja nganti konangan, yen mlebu kutha.

18. Nanging nalika iku ana jejaka kang weruh, banjur ngaturi pirsa marang Pangeran Absalom. Dadine wong loro iku age-age lunga, lan bareng tekan ing omahe sawijining wong ing Bahurim, kang duwe sumur ana ing platarane, banjur padha nyemplung ing sumur kono.

19. Wong wadon iku banjur njupuk lurub, dijereng ing cangkeming sumur mau lan disebari las-lasan gandum, temah ora katon apa-apa.

20. Para abdine Pangeran Absalom teka ing omahe wong wadon iku, banjur takon: “Ahimaas lan Yonatan ana ing ngendi?” Wangsulane wong wadon iku marang wong-wong iku: “Tiyangipun sampun sami nyabrang ing lepen punika.” Sarehne anggone nggoleki ora ketemu, tumuli padha bali mulih menyang Yerusalem.

21. Bareng wong-wong iku wus padha lunga, wong loro mau mentas saka ing sumur, banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu Dawud sarta munjuk: “Panjenengan dalem kawula aturi tata-tata saha lajeng enggal nyabrang ing lepen punika, margi makaten-makaten pirembagipun Akhitofel tumrap ing panjenengan dalem.”

22. Sang Prabu dalah sapandhereke nuli padha tata-tata lan nyabrang ing bengawan Yarden. Nalika wayah byar esuk ora ana wong siji-sijia kang kari kang ora nyabrang ing bengawan Yarden.

23. Bareng Akhitofel weruh, yen rembage ora diglape, banjur ngabah-abahi kuldine lan mangkat mulih menyang omahe, ing kuthane, nata kabutuhaning omahe, wasana banjur mati gantung. Mangkono patine Akhitofel, nuli dipetak ing kubure bapakne.

24. Sang Prabu Dawud rawuh ing Mahanaim, nalika Pangeran Absalom nyabrangi kali Yarden, kadherekake sakehe wong Israel.

maca bab lengkap 2 Samuel 17