Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 17:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Akhitofel munjuk marang Pangeran Absalom: “Kawula mugi kalilana milih tiyang kalih welas ewu, kawula nunten badhe bidhal mbujeng Sang Prabu Dawud ing dalu punika ugi.

2. Kawula badhe nempuh panjenenganipun mumpung sayah saha kendho semangatipun lajeng kawula damel kaget; sadaya ingkang ndherek Sang Prabu badhe sami keplajeng, saha kawula badhe saged nyedani panjenenganipun piyambak.

3. Sarana makaten kawula badhe mangsulaken sadaya tiyang katur ing panjenengan dalem kados dene temanten estri mangsuli dhateng semahipun. Dados ingkang panjenengan dalem angkah nyawanipun tiyang satunggal, murih sadaya tiyang manggiha wilujeng.”

4. Rembug mangkono iku disarujuki dening Pangeran Absalom lan para tuwa-tuwane Israel.

5. Nanging Pangeran Absalom banjur ngandika: “Husai wong Arki iku uga timbalana, supaya aku padha krungu, kang dadi rembuge.”

6. Bareng Husai wus sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, nuli dipangandikani mangkene: “Mangkene rembuge Akhitofel; apa rembug iki kita anut? Dene manawa ora, mara sira matura.”

7. Husai banjur munjuk marang Pangeran Absalom: “Rembag ingkang dipun aturaken Akhitofel sapisan punika boten prayogi.”

8. Unjuke Husai maneh: “Panjenengan dalem boten kekilapan, bilih ingkang rama saha para balanipun punika sami prawira, saha bilih sadayanipun sami sakit manahipun, kados bruwang ingkang kecalan anakipun wonten ing ara-ara. Punapa malih ingkang rama punika prajurit sajatos, balanipun boten dipun parengaken tilem.

9. Mesthinipun sapunika umpetan wonten ing guwa utawi salah satunggalipun panggenan. Manawi ing campuhipun perang kapisan wonten tiyang sawatawis ingkang tiwas lan tiyang mireng prakawis punika, temtu sami cariyos: Bala kang melu Absalom wis padha kalah.

10. Sanadyan tiyang ingkang gagah prakosa saha ingkang manahipun kados singa, temtu lajeng badhe nglokro babar pisan, amargi sadaya bala Israel ngertos, bilih ingkang rama punika satunggaling prawira lan para bala ingkang ndherek panjenenganipun punika sami gagah prakosa.

11. Pramila kula ngaturi pirembag, supados sakathahing tiyang wiwit saking Dhan dumugi ing Bersyeba sami kakerigna, kados pasir ing pinggir seganten kathahipun lan panjenengan piyambak ugi kedah nyarirani perang.

12. Manawi kita sami nempuh dhateng panjenenganipun wonten ing salah satunggaling papan palerebanipun, kita lajeng sami ngebyuk kados ebun ingkang dhawah ing bumi, temah boten wonten ingkang saged lolos, inggih panjenenganipun inggih ingkang sami ndherekaken.

maca bab lengkap 2 Samuel 17