Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 16:1-19 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika tindake Sang Prabu lagi bae ngliwati pucak, Ziba, abdine Sang Mefiboset methukake Sang Prabu nggawa kuldi sarakit, kang dilapaki, dimoti roti rong atus iji, kuwih kismis satus emplek, woh-wohan ing mangsa panas satus lan anggur saimpes.

2. Sang Prabu banjur ndangu marang Ziba: “Kepriye karepira iki?” Ature Ziba: “Kuldi-kuldi punika kangge titihanipun para garwa putra dalem; roti lan woh-wohan punika kangge tedhanipun para abdi lan anggur punika kangge omben-ombenipun tiyang-tiyang ingkang kasayahen wonten ing pasamunan.”

3. Sang Prabu banjur ndangu: “Putrane gustimu ana ing ngendi?” Atur wangsulane Ziba: “Panjenenganipun wonten ing Yerusalem, amargi pangandikanipun: Ing dina iki turune Israel bakal mbalekake kratone kanjeng rama marang aku.”

4. Sang Prabu banjur dhawuh marang Ziba: “Yen mengkono saduweke Mifiboset dadia duwekira.” Unjuke Ziba: “Dhawuh dalem kawula pundhi. Mugi kawula lestantun manggih sih wonten ing ngarsa dalem, dhuh gusti kawula Sang Prabu.”

5. Bareng Sang Prabu Dawud rawuh ing Bahurim, ana wong jumedhul saka ing kono, kalebu saka santanane Prabu Saul, jenenge Simei bin Gera. Wong iku tanpa kendhat anggone ngipat-ipati karo nyedhaki Prabu Dawud.

6. Sang Prabu Dawud lan para abdine Sang Prabu padha disawati watu, sanadyan sakehe wadyabala lan para prawira padha ngurung-urung ing sakiwa tengene.

7. Mangkene pangucape Simei, nalika ngipat-ipati: “Lungaa, lungaa he wong kang ngwutahake getih, wong dursila!

8. Sang Yehuwah wus nempuhake getihe para kulawargane Sang Prabu Saul marang kowe, kang kokgenteni kaprabone. Sang Yehuwah wis masrahake kalungguhanmu marang anakmu Absalom. Lan saiki kowe nandhang sangsara, amarga kowe wong kang ngwutahake getih.”

9. Sang Abisai bin Zeruya nuli munjuk marang Sang Prabu: “Kenging punapa segawon pejah punika ngipat-ipati panjenengan dalem, gusti kawula Sang Prabu? Kalilana kawula nyabrang lan nigas gulunipun.”

10. Nanging Sang Prabu ngandika: “He, anak-anake Zeruya, ingsun melu-melu apa marang sira? Kareben ta ngipat-ipati ingsun. Amarga saupama Sang Yehuwah ngandika marang wong iku: Dawud ipat-ipatana, sapa kang bakal wani takon: Yagene kowe kok tumindak mangkono?”

11. Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.

12. Bokmanawa Sang Yehuwah bakal nggalih marang kasangsaraningsun iki lan Panjenengane males kabecikan marang ingsun minangka lirune anggoningsun diipat-ipati ing dina iki.”

13. Sang Prabu Dawud banjur nglajengake tindake kadherekake para abdi, dene Simei mlaku terus nurut perenging gunung adu arep karo panjenengane lan karo mlaku tansah ngipat-ipati, nyawati watu lan ngabul-abul lebu.

14. Sang Prabu sayah banget nalika rawuh ing pinggire bengawan Yarden dalah wong kang padha ndherekake, sarta banjur padha ngaso ana ing kono.

15. Pangeran Absalom lan sakehe wong Israel padha mlebu ing kutha Yerusalem, lan Akhitofel iya ndherek.

16. Bareng Husai, wong Arki, mitrane Sang Prabu Dawud, sowan ing ngarsane Pangeran Absalom, banjur munjuk: “Sugenga Sang Prabu, sugenga Sang Prabu!”

17. Pangeran Absalom ngandika marang Husai: “Apa kaya mangkene iki kasetyanmu marang mitramu? Geneya kowe ora melu marang mitramu?”

18. Husai banjur matur marang Pangeran Absalom: “Boten, nanging panjenenganipun ingkang piniji dening Sang Yehuwah tuwin dening rakyat punika saha dening saben tiyang Israel, inggih panjenenganipun punika ingkang mengku kawula, saha ingkang kawula suwitani.

19. Punapa malih sinten ingkang badhe kawula suwitani? Punapa sanes putranipun? Kados dene anggen kawula ngabdi dhateng rama dalem, makaten ugi kawula badhe ngabdi dhateng panjenengan dalem.”

maca bab lengkap 2 Samuel 16