Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 15:27-37 Kitab Sutji (JAV)

27. Sang Prabu Dawud ngandika maneh marang Imam Zadhok: “Saenipun, sampeyan lan Imam Abyatar wangsula mantuk kanthi wilujeng kaliyan anak sampeyan piyambak-piyambak: inggih punika anak sampeyan Ahimaas saha Yonatan anakipun Abyatar.

28. Lah kula badhe ngentosi wonten ing sacelakipun panggenan pasabrangan dhateng ing pasamunan, ngantos wonten pawartos saking sampeyan, ingkang suka sumerep dhateng kula.”

29. Imam Zadhok lan Imam Abyatar banjur nggawa bali pethine Gusti Allah menyang ing Yerusalem lan kendel ana ing kono.

30. Sang Prabu minggah ing gunung Jaitun karo muwun, mastakane kudhungan lan tindake tanpa trumpah. Sakehe wong kang ndherekake uga padha kudhungan sirahe lan anggone munggah padha karo nangis.

31. Nalika Sang Prabu diaturi uninga mangkene: “Akhitofel wonten ing satengahipun tiyang-tiyang ingkang sekuthon kaliyan Pangeran Absalom.” Sang Prabu banjur nyebut: “Mugi Paduka karsaa nggagalaken pitedahipun Akhitofel, dhuh Sang Yehuwah.”

32. Bareng Sang Prabu wus rawuh ing pucak, ing panggonane wong padha nyembah sujud marang Gusti Allah, Husai, wong ing Arki, teka methukake Sang Prabu, nganggo jubah rowak-rawek lan sirahe kawur-wuran lemah.

33. Prabu Dawud ngandika marang wong mau: “Yen sira ndherek ingsun, bakal ngebot-eboti tindakingsun.

34. Nanging yen sira bali menyang kutha lan munjuk marang Absalom: Kawula punika abdi dalem, dhuh Sang Prabu, sanadyan kawula punika wiwit rumiyin mila ngabdi rama dalem, namung sapunika dados abdi dalem; sarana mengkono sira bisa mbatalake pituture Akhitofel demi asmaningsun.

35. Imam Zadhok lan Imam Abyatar rak amor karo sira ana ing kana ? Dadi kabeh kang sira rungu saka ing kraton, iku kandhakna marang Imam Zadhok lan Imam Abyatar.

36. Lan maneh anake karo pisan rak iya padha ana ing kono: Ahimaas, anake Imam Zadhok lan Yonatan, anake Imam Abyatar; sira ngirimna sabarang kang sira rungu lumantar wong-wong iku.”

37. Lan Husai, mitrane Prabu Dawud, banjur menyang ing Yerusalem nalika Pangeran Absalom lagi rawuh ing Yerusalem.

maca bab lengkap 2 Samuel 15