Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Samuel 14:24-33 Kitab Sutji (JAV)

24. Nanging Sang Prabu ngandika: “Absalom kareben njujug ing omahe dhewe, aja nganti sowan ana ing ngarsaningsun.” Dadine Pangeran Absalom njujug ing daleme lan ora sowan marang ngarsane Sang Prabu.

25. Ing saindenge tanah Israel ora ana kang kaloking baguse munjuli Pangeran Absalom. Wiwit saka dlamakan nganti tutug ing embun-embunan ora ana cacade babar pisan.

26. Manawa paras -- ing wekasaning saben taun, amarga kabotan kagem panjenengane -- remane iku bobote rong atus sekel, miturut watu timbanganing krajan.

27. Pangeran Absalom kagungan putra kakung telu lan putri siji, kang asma Tamar, sawijining putri kang ayu rupane.

28. Bareng Pangeran Absalom anggone dedalem ana ing Yerusalem wus ganep rong taun sarta sasuwene iku ora tau seba marang ing ngarsane Sang Prabu,

29. Pangeran Absalom utusan nimbali Sang Yoab, arep kautus sowan marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging ora karsa. Banjur utusan nimbali maneh, kaping pindhone, ewadene iya ora karsa.

30. Pangeran Absalom banjur ngandika marang para abdine: “Lah palemahane Yoab ana ing sandhinge duwekku lan ing kana ana tandurane sair, padha mranaa, obongen iku!” Para abdine Absalom banjur ngobong pategalan iku.

31. Senapati Yoab banjur sowan manggihi Pangeran Absalom ana ing daleme lan matur marang Pangeran Absalom: “Punapa sababipun para abdi dalem sami mbesmi pasiten gadhahan kawula?”

32. Pangandikane Pangeran Absalom marang Yoab: “Inggih, kula sampun kengkenan tiyang mawi kula weling; panjenengan kula suwun rawuh mriki badhe kula purih sowan dhateng Sang Nata ngunjukaken atur kula makaten: Punapa prelunipun kawula wangsul saking tanah Gesur? Aluwung kawula tetep manggen wonten ing ngrika. Lah sapunika kula badhe sowan dhateng Sang Prabu. Manawi kawula kaanggep lepat, inggih sumangga kaukuma pejah.”

33. Senapati Yoab banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ngunjukake bab iku. Sang Prabu nuli nimbali Pangeran Absalom, lan banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu, sumungkem wedanane konjem ing bumi. Sang Prabu banjur ngaras Pangeran Absalom.

maca bab lengkap 2 Samuel 14